Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

wangun saé, inggih punika ingkang nama watang, regenging margi saha raméning kiṭa boten anggumunaken, amargi nalika semanten pinudju dinten Sabtu, para satrija, para sénapati saha para ingkang kalebet golonganing pradjurit, sami watangan wonten ing alun-alun.



Ing alun-alun kaṭah tijang; ingkang sami numpak kapal wau tata djèdjèr wonten satjelaking ringin kurung, sawenèh wonten ingkang mijambak. Ing wingking rantap para santana utawi abdi, ugi sami numpak kapal, pratandanipun satrija utawi pangageng saking mantja nagari, boten dangu kepireng wonten monggang, ingkang Sinuwun Kangdjeng Sunan mijos, ladjeng lenggah wonten ing bangsal pang- rawit.

Tengara kaungelaken, nunten wiwit watangan. Para ingkang numpak kapal anggebrag kapalipun, mider akekalangan, miling-miling ngupados tanding, sareng sampun angsal ladjeng ubeng-ubengan kados sawung èrèk, sarta tansah wawas-winawas, apusing kenḍali katjangkolaken ing bangkol, ladjeng angunḍa-unḍa watang. Tumunten ingkang satunggal angingeraken kapalipun, nradjang anamakaken watang, ingkang kaangkah ḍaḍa. Satunggalipun prajitna, dawahing watang tinangkis sami watang, kumropjak adamel kagèting kapal, sanalika ku- pingipun andjepiping, mripatipun murub, ing semu kados murina, déné bendaranipun kaḍawahan ing dedamel, ambekos kados akèn tumunten amalesa. Ingkang numpaki sabar ing manah, dèrèng nijat males manawi dèrèng patitis ing pamawas. Kados makaten sagolongan-sagolonganipun ingkang sami adjar tanding, watang-winatang awis-awis ingkang saged angéngingi, sadaja sami katingal wegig-wegig, adamel senengipun ingkang sami ningali.

Wonten sawenèhipun satrija anama Radèn Pandji Sumirang, punika namung tansah anjadjakaken sarira, panganggénipun sarwa mom-

PETIKAN MANTJA WARNA

81