Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

pjor, alis pinidih, apupuran lamat-lamat, kapalipun asesirig, dèrèng angsal tanḍing. Tijang katah kepéngin baḍé sumerep, dumugi tempuking damel, punapa punika inggih mitajani.

Katjarijos, wiwit ing gladag tetijang sami pijak sumingkir tebih, amargi wonten kapal mbanḍang, ingkang numpaki djedjaka ugi badé tumut watangan. Sanadjan kapal wau ambandang sarosanipun kabekta saking bigar saha mempengipun badé lumebet ing pabarisan, ingkang numpaki ketingal ajem. Pantjèn wudjudipun sembada, badanipun kasasaban kotang, namung baunipun ingkang ketingal, kentjeng akijeng, mratanḍani manawi rosa, mripat agilar-gilar minangka tandaning kendel sarta teranging budi, soroting polatan dados gambaripun manah saé.

Dumugi pabarisan kapal taksih ambandang lumebet ing kalangan, boten kénging kapekak, malah ladjeng badé nradjang ing pagelaran. Sang djaka wiwit sumelang ing manah, boten sandé adamel kagètipun Sang Prabu, mila ladjeng angetog kasudiran, kapal piniting ing wentis kekalih, sanalika kapal manḍeg greg, badanipun gumeter, ladjeng kénging kaingeraken, lumampah lonlonan. Sadaja tijang sami tjingak aningali. Ingkang Sinuwun Kangdjeng Sunan andangu: „Iku botjaḥ ngendi, lan sapa arané ?” Wonten sawenèhing bupati matur: „Punika Radèn Sangkan, anakipun Tumenggung Gadjah alit”.

Radèn Sangkan sumedya damel bingahipun para ingkang sami ningali. Sareng kapalipun sampun aring napasipun, énggal kineteg. Saweg badé lumadjeng ladjeng dipun pekak, kapal ngadeg anglumba, suku nggebrag, ladjeng malumpat, suku wingking njépak, mekaten ngantos adamel mirisipun ingkang sami ningali, kuwatos mbok bilih ingkang numpak ḍawah. Nanging Sang Djaka kraket kalijan gigiring kapal, mratanḍani bilih ahli numpak kapal, boten ambruk jèn boten sareng kalijan tumpakanipun. Radèn Sangkan angenḍoni apus, sanalika kapal rumaos dipun udja, ladjeng njander lumadjeng angubengi kalangan, pladjengipun sakalangkung banter. Ing nalika punika Pandji Sumirang saweg kèndel wonten ing pinggir, kesliring pladjengipun Sangkan, Radèn Pandji nepsu; wiwit kala wau pantjèn sampun éwa ing salebeting batos, mila ladjeng nututi sumedya ngajoni, kapal kasanderaken. Sangkan sumerep, sareng mèh ketututan, kapal ingkang saweg ambandang kapekak mandeg greg, Radèn Pandji keplantrang. Sareng méngo, mengsahipun katingal wangsul sampun tebih. Ramé surakipun ingkang ningali.

Pandji Sumirang saja bentèr ing manah, ladjeng ngantjak anamakaken watang. Sangkan anangkis, kalijan ajem kémawon. Kawatang malih katangkis sami watang. Wongsal-wangsul pamatangipun Radèn Pandji, nanging boten ngéngingi. Radèn Sangkan sumedya males, kapal kasanderaken sakelangkung gambira, mripatipun sumorot, naradjang sumijut pladjengipun, suri arémbjak-rémbjak anggegirisi. Pandji Sumimiris amiré-miré, sareng sampun tjelak kapalipun milar. Pandji Sumirang ḍawah kados kababitaken. Suraking tijang ningali kados ampuhan, sinarengan djengkaripun Sang Prabu kondur ngeḍaton. Abdinipun Radèn Pandji kumrubut ḍateng, nulungi bendaranipun, Radèn

82