Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

  Nalika samanten dèrèng wonten pakempalan-pakempalan kepareng ngadani kamar bolah (soos) nama Abipr£ja, nika taa kénging dados warga namung para abdidalem. Sasrawunganing tijang boten sapintena tebanipun, kempal-kempal manawi wonten damel, ke- sripahan, manton, tetakan sasaminipun, punika ingkang mesti leng- gahipun miturut pangkat. Prijantun sami prijantun, manawi béda asuwitanipun, kedjawi ingkang sanak, boten saged djaruh, upaminipun abdi dalem Kasunanan kalijan prijantun Mangkunagaran, punapa déné punggawa Gupernemen, Sadaja sami rebat unggul. Pakurmat- anipun para alit dateng para luhur taksih sanget, upaminipun wonten kangdjeng Pangéran langkung, tetijang ingkang kepetuk sami ndodok ngapurantjang wonten sapinggiring. margi, dalasan para punggawa Walandi sami remen nganggé pakurmatan Djawi. Satunggiling panga- geng kantor, lenggahipun kursèn, manawi djuru seratipun ngaturaken serat kedah lampah dodok.

......................................................................................

  Petikan ing nginggil punika lowung kanggé antjer-antjer, kados pundi kawontenan saha pamanggihipun tijang nalika djaman gangsal welasan taun kepengker. Tetéla tetijang Djawi ingkang mengertos, gadah nijat ébah. Déné tetijang ingkang remen maos.serat kabar, sam- pun mesti Tindak djémbar seserepanipun, saha sumerep dateng ébah- ing djaman, langkung malih ingkang -sami maos serat kabar Malaju. Serat kabar Malaju ingkang radi sumebar ing Surakarta, kados ta: "Slomprêt Malaju”. wedalan “Semarang, djuru ngarangipun tuwan . Appel. ,,Tamansari” wedalan Batawi, djuru ngarangipun tuwan Wig- gers. Serat kabar ,,Medan Prijaji” wedalan Bandung, djuru ngarang- ipun R.M. Tirtaadisurja. Wonten malih serat kabar minggon wedalan nagari Walandi, dipun pangandjuri tuwan-tuwan Brouson saha Abdul Rifai, namanipun ,,Bintang Hindia”, punika rinengga ing gambar saé |, sanget, Inggih Bintang Hindia punika ingkang ngébahaken sajektos dateng tetijang Djawi, ingriku tukulipun tembung djaman kamadjuan, Kaum muda saha kaum kina. Manahipun tijang Djawi ketarik sami epéngin ngintunaken anakipun sinau dateng nagari “Walandi, malah nalika tanggal kaping 6 Juni 1906, ingkang Sinuhun Kangdjeng Su- suhunan ugi ngangkataken putra tetiga dateng nagari Walandi inggih punika bandara Kangdjeng Pangéran Arja Adiwidjaja, bandara Radèn as Sumèh, saha bandara Radèn Mas Irawan.

  Katjarijos wonten satunggaling prijantun dokter Djawi Ing Jogjakarta, nama Mas Ngabèi Soedirausada, punika sanget aba . nipun amurih madjengipun tijang Djawi, dipun labeti ngedalaken sera abar Djawi-Malaju nama Retna Dumilah. Malah pandjeneng ampun ladjeng lelana mubeng tanah Djawi, manggihi para Bupati saha pa- Ngageng sanèsipun, nggelaraken pemanggih : Saupami iket paijan tun sasaminipun purun urunan sekedik-sekedikipun setangsul sawulan, amesti klempaking arta kénging kanggé ngragadi tijang pinten Pratea asinaokaken dateng nagari Walandi dateng babagan kawru Ak anèn, ,Patukangan, kawruh pangadilan, pamelikan, dagang sapanungg6Ii ian aan Ing tembé tetijang ingkang dipun ragadi wau kadadosaken panuntun-

79