Darba sampun mèh dados abdi dalem tjarik-onder, baḍé katilar. Pak Najapada ladjeng akèn tata neḍa, tumunten sami neda, sinambi omong- omongan bab sanès. ...............................................................................
Tékadipun Darba nilar kaprijantunan, punika dados gumunaning ngakațah. Nalika samanten ing Surakarta pantjèn dèrèng sapintena kațahipun laré wedalan pamulangan. Dumugi taun 1903 wontenipun pamulangan Djawi namung tiga, inggih punika pamulangan angka 1 satunggal ing Kapatihan, saha pamulangan angka II kalih ing Pasar Kliwon saha Mangkujudan, Pamulangan angka I klasipun gangsal, pa- mulangan angka Il, sekawan, Ing Mangkunagaran kagungan pamu- langan pijambak anama: Siswa. Kedjawi punika ugi wonten pamu- langan partikelir sawetawis, ingkang wulanganipun kénging dipun wastani namung sinau : matja lan nulis, Tetijang Djawi dèrèng ngga- tosaken dateng pamulangan, anggènipun sami njakolahaken anak nama namung tumut grubjug, Nalika badé adegipun pamulangan angka 1 ing Kapatihan kala 1898, Nagari mawi paring wara-wara daterig para abdidalem, suraos paring priksa, bilih badé jasa pamulangan kanggé njaloni para ingkang sami badé dados Narapradja, amila para abdi- dalem kadawuhan, kedah njakolahaken anakipun, apesipun satunggal. Para prijantun sami adjrih, kepeksa ngintunaken: anakipun dateng pamulangan Kapatihan, ingkang wudjudipun limrah kados pamulangan angka I. Para luhur sami nglebetaken putranipun “dateng pamulangan Walandi, nanging sami medot banjon ; ingkang ngantos tamat, ageng- ipun ngladjengaken dateng pamulangan ingkang langkung inggil, pu- nika prasasat boten wonten, Tetembungan : ,,anak prijaji kuwi rak - mesti ija dadi prijaji,” punika nalika djaman samanten lampah sanget, ”— Pantjèn ketingal tjeta sanget garis watesanipun prijantun kalijan ingkang dédé prijantun. Para sudagar, nadjan ketjekapan, sami rikuh linggihan kursên ketingal saking margi, amargi adjrih menèk ingéwan- an ian memba Prijahiun, ;
” Lara abdidalem tedanipun tampi gaduhan siti, dipun paosi dénin bekel. Nalika dadosipun bekel mawi asok bekti, “Nha sia Dri kantun ne, utawi ing karaton wonten kraman, bekelipun katamtokaken mbajar : minangka urun utawi pa- sangon sowan pasamuwan karaton, Déné bekel wau sagedipun ngwon- tenaken arta, sampun mesti kémawon saking urunanipun tijang alit. Ing saben 8rebeg, bekel katemtokaken sowan dateng prijantun Jlelurah- ipun, kanti mbekta kuli sawetawis, perlu ndèrêkaken pasowanan grebeg. Tatengipun mbekta angsal-angsal uwos, djuwadah binuntel ing dja- nur djené, sésamimipun apepikulan, Sawenèhipun prijantun ingkang boten burus manahipun tansah ngudi kalepataning bekel perlunipun manawi saged kakèndelan, ladjeng santun bekel, tampi “bekti malih. Sadaja bab punika mahanani raos, bilih tijang alit punika wonten tekemaning prijantun
78