lajang kabar. Olèhé ngrasani lan ngadjèni marang sing sesinglon Djaka Wijadi, kuwi kaja ora menjang sapepadané, ora sumurup nék Djaka Wijadi iku sadjatiné anakmu si Darba."
Sajektosipun tembungipun Darba katah-katah tumrapipun embok Najapada radi kinggilen, ngantos mbok Najapada ladjeng boten masoh urun rembag, djalaran sakedik mangertosipun. Ewadéné inggih wonten tembung-tembung sawetawis ingkang damel pamarem, wewah-wewah pak Najapada saha Darja sami numpang rembagipun Darba, mila ulatipun mbok Najapada ladjeng radi padang.
Pak Najapada batosipun ngalem dateng Darba, déné saged rem- bagan ka os mekaten, kur kanti nalar-nalar saha pamanggih ingkang patitis, mila inggih ladjeng mamung pitados, dateng ihtijaripun Darba. Saja bingah malih manahipun, sumerep ingkang èstri radi padang ulatipun, nunten. ngladjengaken rembag, “witjantenipun : ,,Lah saiki kaprijé karepmu ? Kasebut lajangmu kepungkur iki djaré kowé arep golèk pagawéan lija ?”
Darba ladjeng nerangaken anggènipun tetêpangan kalijan tuwan masinis, saéning panganggep, sarta anggènipun badé. suka pitulungan. Wekasan tembungipun mekaten : ,,Dados anggèn kula badé dateng Semarang punika, nijat kula sinau, déné panjambut damel kula punika malah nama sambèn, pamedalipun kénging “kula anggé wragad anggèn kula sinau wau.”
Mbok Najapada : ,,Upamané kowé bésuk wis pinter, bandjur arep dadi apa ?”
Mireng pitakèn punika, Darba kanggeg boten saged mangsuli, awit saupami tjarijos badé dados tukang besi utawi masinis, sumelang manawi embokipun kagèt malih. Dilalah Darja sumerep ing semu, éng- -gal njambeti kanti pangangkah ngétjani embokipun, tembungipun : Gampil, ta, embok, manawi Darba sampun gadah kasagedan. Saupami sampéjan karsakaken kedah dados abdi dalem, ladjeng mlebet dateng Kartipura, utawi Kabupatèn Kalang, mesti mak- bleng kémawon, malah boten susah magang”.
Mbok Najapada : ,,Lah, kowé ana Semarang kuwi nèk ana suker sakité, gèk kaprijé ?”
Darba : ,,Prakawis makaten sampun pandjenengan galih sanget- sanget, embok. Anggèn kula gadah kekentjengan medal galêng aa mantja punika sampun mawi sabab warni-warni, sapisan : perlu ngu- Pados kasagedan, Kaping kalih: wonten kula ing Semarang wonten ingkang kula gondèli, inggih punika tuwan masinis. Kaping tiga: pan. Jenengan sakalijan bapak sampun wonten ingkang kaga ig, Punika mas Daria saha mbakju tuwin sanak-sadèrèk sanèsipun. Kalijan malih sapinten tebih- malih djaman sapunika, Sala-Semarang punike sapinten tebih IPun ; manawi wonten perlu semangsa-mangsa, éndjing dang télégram sonten sampun sami saged pepanggihan. Manawi sami tuwi, sadinten sag ulak,”
Pamanahipun Pak Najapada, rembag punika nama sampun padang , pramila mituruti sedyanipun Darba Jaleah bok wi ngga- Najapada meksa boten saged ketingal bingar, punika mbok sakedik ja Bas anggènipun badé pisah kalijan anak, kanti pangowel sa ,
77