Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

penggalih runtik. Tjinelak tjarijosipun: Kjai Ageng Mangir sampun dumugi ing djandji, mantuk ḍateng adjalipun.

Kotjap putranipun djaler ingkang anggentosi kalenggahanipun saha nama anunggak semi ingkang rama Kjai Ageng Wanabaja, menggah adat watak wantunipun sampun djiblès ingkang rama, malah anggep kumalungkungipun angungkuli ingkang sampun suwarga. Taksih anèm, warninipun ragi bagus, amberanjak ladak angkuh mawi kaduk besus, wantji sampun djedjaka sepuh sarta kéringan ing sesamining tijang, kikis Praga mangalèr dumugi ing Mlarang dipun erèh, mangidul tandes ing pasisir, mangalèripun malih dumugi ing Bantul, ingkang sampun angidep ḍateng Mangir. Mantjapat mantjagangsalipun ing Mangir sampun sami sujud abipraja ḍateng Kjai Ageng Wanabaja. Rinten dalu tansah kasukan ngabotohan boten mawi lèrèh. Kjai Wanabaja nèm ugi amogok boten purun angiḍep ḍateng karaton ing Ngèksiganda, tansah sesumbar boten adjrih atanḍing prang kalijan Sénapati.

Katjarijos Sang Panembahan Sénapati ing Ngalaga ingkang akaḍaton negari Mataram, saweg mijos siniwaka wonten ing sitinggil, pepak upatjara naréndra, ing pagelaran kebak para punggawa, mantri, bupati sapanekaripun sami sowan djedjel sek-sekan. Sang Prabu ngandika aris: ,,Paman Mandraka, ingsun taros, kados pundi prekawis Kjai Gedé Mangir. Sampun tita ngantos dumugi sapunika tansah mogok boten purun séba angidep ḍateng karatoningsun. Punapa boten prajogi énggal linurugan, ladjeng kagebag ing prang, tinumpesan sabrajat kulawangsanipun sedaja, djandji sipat djaler dipun pedjahi ?"

Adipati Mandraka matur: ,,Duh, Sang Nata, kula boten anjuwawèni, dipun sarèh karsa paduka Nata! Sanadyan ing Mangir tanah alit, nanging boten kénging ginagampil tinempuh ing prang, menawi lepat saèstu ambebajani, miwah adamel risaking wadya-bala kaṭah. Mekaten malih nama nista pandjenenganing Ratu teka mengsah bekel panadjungan. Wonten ingkang dados pakèwedipun ing lampah, awit gadah wasijat warni waos dapur Baru-kuping, ampuhipun sakelangkung sanget, senadyan teguh kulit tembaga ingkang atos, balungipun kados tosan purasani, otot kawat akeré prunggu, bilih kadawahan waos Baru-kuping lebur tanpa kukupan. Awit saking timbalanipun ingkang Sinuhun Kalidjaga amisik ḍateng kula: pun Mangir dedamelipun linangkung, boten kènging katulak manungsa, singa ingkang kaḍawahan amesṭi maut, tur sampun tjineta ing riwajat dados pusakaning ratu Djawi, pasanganipun Kjai Plèrèd ing tembénipun, mila sakelangkung rempit. Boten langkung prajogi kabudjuk alus kémawon, menawi sampun kénging waos wau boten wonten wantjak galihipun. Sakarsa paduka Nata kula ḍateng ndjurungi."

Sang Prabu ngandika arum : ,,Jèn mekaten andika rembug rumijin rahardjaning lampah ingkang dipun prasudi, miwah rahajuné sakatahing punggawa, ingkang boten damel nistaning Ratu, nanging sageda pikantuk damel."

Sang Dipati Mandraka énggal matur : ,,Bilih andadosaken kepareng karsa paduka sang Prabu, durjat paduka sang dyah Radèn Adjeng Pembajun dipun lampahaken ing ajuda sarana lampah sandi, pun Adipati Martalaja ingkang rumeksa ing pakèwed, kinen dados ḍalang

6