Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
I. KJAI AGENG WANABAJA

 Peputjuking serat ingkang kadamel gegantjaran, amewahi asrining panglipur, panglipuring manah prihatos, prihatosipun awit kagèndèng saking suraos, suraosipun serat babad Mangir, inggih punika ingkang anama Kjai Ageng Wanabaja ing tanah Mangir; sakelangkung amemudja ing sihipun Pangéran ingkang Murba Wasésa, awit darbé wasijat ingkang sakelangkung ageng kagunanipun, awarni waos ḍapur baru kuping, andadosaken sanget lubèring kapurunanipun, satemah mbaléla boten purun kaerèh dateng Sang Prabu ing Padjang. Mila tansah ambeguguk nguta waton, karana panggagasing manah kuwawi anjembadani guna sektinipun Sang Nata ngantos dumugi karaton ing Ngèksiganda, tansah mogok boten sudi anjembah dateng pandjenenganipun ratu.

 Para kadang-warganipun sami darbé pangrimuk saha pamrajogi, angaturi rembag mugi karsaa sowan ḍateng: Sang Nata ing Mataram, amurih rahardjaning lampah, djalaran sakiwa tengening djadjahan tanah Mangir sampun sami sujud teluk saha atur bulu bekti miwah glondong pangareng-ngareng. Mangka tanah Keḍu, Bagelèn, Paṭi, Djepara, Maḍijun, Keḍiri, Padjang, Semarang inggih sampun sami sujud angabekti, namung kantun Kjai Ageng pijambak ingkang dèrèng angidep ing Mataram, tansah adamel pakêweding ratu, Mekaten malih ing Mangir tanah langkung alit, ing saèstu kirang prajogi katingalan ing ngakatah, pantjèn saleresipun tanah ing Mangir kalebet djadjahan ing Mataram.

 Aturipun para warga : „Kjai, punapa ingkang dipun andelaken, tijang kawon, samukawisipun, mengsah ratu kawon sugih bala, dados sadajanipun kasoran, Binasakaken sampéjan punika Kjai, kados katé angrangsang gunung, tjébol anggajuh langit, kados timun anglawan durèn, paran marginipun saged unggul, sampéjan anandingi Sang Prabu ?”

 Tumunten Kjai Wanabaja amangsuli ambekuh : „Pan Allah, kang andarbèni bumi, aku suwita ing Allah tangala, ora ngawula Sénapati, djer paḍa titahing Pangéran. Aku namung ngukuhi nalika mula bukané, nggoné tjakal-bakal wong tuwaku kang wus suwarga ababad alas sarta matjul ora nganggo njenjambat lijaning djanma, panggarapé luwih saka rekasa, satemah dadi sawah lan tegal. Apa manéh aku ora nedya amanèni sarta njikara pakaraning ratu, tuwin aku ora nedya dadi naréndra, awit aku dudu waris asaling ratu.

 Apa kang dèn-utjap manèh, mung aku wis daknijati, sutik kaerèh marang sesamaning manungsa. Nanging aku duwé pasanggiri: aku gelem ngawula sarta anjembah marang sapepadaku, menawa ana manungsa kang katjonggah anaḍahi marang putjuking tumbakku kang aran Kjai Baru-kuping, pusaka saka leluhurku !”

 Para kadang warganipun sami éram, déné boten mikir ḍateng rembag kang rahardja, amung tansah kumalungkung angandelaken waosipun. Manawi para sentana matur mbebolèhi ladjeng kasentak,

5