Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ringgit purwa akanṭi kadangipun Tumenggung Djajasupanta, sami rumeksa sang Dyah Retna, lan pun Suradipa dados pandjakipun, pun Tumenggung Botjor sampun ngantos kantun minangka djuru nabuh kempul, Saradipa djuru pangenḍang, Saradula nabuh kenong, njai Tumenggung Adisara dados djuru panggenḍèr. Déné kempul prajogi wasijat paduka Kjai Bitjak, kapendet sawab pangèstunipun, amurih lestantun manggih rabhajuning' lampah, putra paduka Radèn Adjeng dipun akena anak ḍateng Ki dalang ingkang sajektos.”

 Sang aprabu sakelangkung kapinudjon ing galih atampi sandi sedyaning Ki Dipati : „Paman, manira marengi.”

...............................................................................................

 Katjarijos sampun dalu, ing pringgitan anata ringgit kapanggung, ingkang anggendèr Njai Adisara, déné sang Dyah Aju linggih wonten ing sawingkingipun ki dalang, saèmper anak pijambak. Déné ingkang nabuh kempul pun Sandi-upaja, pangenḍangipun Saradipa, Sandi-Sasmita ingkang amutjuki. Sesampunipun dipun putjuki Sandi-Sasmita nunten njuling, angrangkep lan pangrebabipun. Kang nabuh kenong Saradula, sakawit mungel genḍing Gambir sawit, pantes mawi laras patet sanga, muket anglenjet mujeg arum amanis. Sesampuning anguju-uju kasuwuk, tumunten dalang Sandi-Guna angringgit, lampahanipun Pakukuhan, suluk tandukipun pantes, tjarijosipun tjeta, trampiling pangringgitipun ḍawah larasing genḍing, wiramanipun aruntut boten wonten ingkang mbarendjul sakedik, rebabipun kumrampjang angarang, suling dumeling melingi, genḍèr tansah ngepindjal, kempulipun anggemak mungel, kenḍang tinabuh gilig, kenong-gong nggrendem kemireng, tjumeplès ḍawahing wirama, panabuhipun ukur lirih, supados tjarijosipun ki dalang boten kasilep ing gending, njamleng rumengeng kapijarsa. Déné larasé ingkang gending laras nenem djedjer ketiga praptèng gara-gara gumantos. Sirep-kêndel ingkang laras sanga, suda sapatet adamel trenjub, praptèng djedjer gandrung-gandrung, larasipun ingkang gumantos manjura ngantos dumugi éndjing, suda sapatet ngresepaken tumrapipun tijang amarsudi sastra, Jaras nenem ugi upami anglir djanma karenan ngidung, laras sanga sampun kados sumerep tegesing kawruh, laras manjura upami putus tembung kawi sampurna ing djarwanipun mresep tumraping rasa adi.

...............................................................................................

 Kjai Ageng Mangir saja suka pumudjeng latah, gumudjeng winor watjana : „Kakang lamun sami tjonḍong ing pamanggih, kula badé sowan dateng naréndra ing Mataram anjaosaken sang Dyah Retna, menawi karsa angabdèkaken djasad kula, punapa malih lamun karsa nganggep mantu dateng baḍan kula, saha kula baḍé anjembah angaras sampéjan Sang Prabu.”

 Sandi-Guna matur kalijan mudji manadukara : „Menggah saking pamanggih kula, Kjai, sampun anemtokakeén sakalangkung dahat sukarena amarengi Sang Nata kagungan mantu ingkang kados paduka

Kjai! Saupami nampika darbé mantu paduka angupadosa salumahing nuswa Djawi ingkang kados paduka, tijang guna sekti tanpa timbang, mangsa wontena ! Saha tedaking atapa ! Karana kula mireng tembang rawat-rawat, titir pinadjarakan djalma, udjaring para. su-

7