Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

mireng, punapa rembagipun Darba. Pramila Darba inggih ladjeng mbukani, tembangipun ḍateng Darja:

 ,,Nèk kowé krungu, mas, keprijé kabaré Kapatihan ?”

 Darja: ,,Prakara awakmu apa?”

 Darba: ,,Ija.”

 Darja: ,,Kok sepi ora ana kabar apa-apa. Aku wingi keṭemu pak bèi Pradjasusastra, kok ija ora ngandika apa-apa !”

 Darba ḍateng bapakipun: ,,Kadospundi, pak, mangka anggèn kula wonten kaonderan sampun sawatawis wulan.”

 Najapada: ,,Lah kaprijé, upama kowé gawé paturan.”

 Darba: ,,O, boten bapak, manawi makaten kula isin, amargi wonten kula ḍateng kaonderan punika dédé kadjeng kula”. Darba njawang embokipun, wiwit rembagan njanḍak badanipun, polatanipun pantjèn sampun peteng, bokmanawi kisénan seratipun Darba anggénipun ngupados padamelan sanès. Darba ladjeng witjanten alon kanṭi sumèh, tembungipun: ,,Kados pundi embok, saupami kula punika keladjeng boten kagalih ing Paréntah”.

 Mbok Najapada: ,,Mongsok ora digalih, lah nèk kowé rikuh gawé paturan, lah bok ketemu pakmu bèi Pradjasusastra.”

 Darba: ,,É, mangké inggih embok, kula punika baḍé matur upami ḍateng pandjenengan. Anggèn kula baḍé dados djuru serat punika nama dèrèng kantenan. Saupami sapunika wonten ingkang njukani padamelan blandjanipun langkung ..........".

 Dumugi samanten witjantenanipun Darba peḍot dipun selani embokipun. Nalika mbok Najapada mireng tembungipun Darba ...... ,,........ dèrèng kantenan. Saupami ..........“ mripatipun sampun wiwit abrit, sareng witjanten luhipun tjarotjosan, tembungipun: ,,Langkung limalas, salawé, sèket, kowé rak arep dadi tjarik pabrik, ta?”

 Najapada saanakipun sami kagèt, witjantenipun Najapada: ,,Lo, alon ta, embokné, kowé kuwi kok bandjur ngono, rak ija dirungokaké ḍisik kanḍané anakmu kuwi, djenengé dirembug.”

 Darba: ,,O, embok, kula inggih sampun sumerep manawi panggalihan pandjenengan makaten: mila sadaja ihtijar, ingkang kula èngeti kudangan pandjenengan. Tjarijosipun rumijin kadjengipun: kétok”.

 Mbok Najapada: ,,Lah kok arep dadi tjarik pabrik”.

 Darba: ,,Ingkang tjarijos sinten? Kula sasampuna matur, bilih boten. Saupami temena, punapa tijang pabrik punika asoring asor ?"

 Mbok Najapada: ,,Ija ora, nanging mangsa ngungkulana wong dadi prijaji”.

 Darba: ,,Punapanipun ?”

 Mbok Najapada: ,,Kadjèné, lungguhé”.

 Darba: ,,Setatir pabrik, kalijan Asisten résiden punika kok sekétja kémawon”.

 Mbok Najapada: ,,Lah wong Landa".

 Darba: ,,Boten dupèh Walandi mekaten. Punika mesṭi wonten sababipun.”

 Ki mas Najapada pantjèn kaṭah pandjomplangipun ḍateng Darba, mila ladjeng numpangi witjanten: ,,Sababé keprijé? Anu mbokné,

75