Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Serat saha ingkang pangabekti, mugi katur ing pandjenenganipun bapak ki mas Najapada sakalijan.

Sasampunipun ingkang kadya punika, nuwun wijosipun, kula ngaturi uninga, kawontenanipun badan kula wiludjeng, boten kirang satunggal punapa, pamudji kula, bapak sakalijan embok ugi makatena. Wondéné bab anggen kula nglampahi magang dumugi dinten punika sepen ing pawartos, kados pundi kaparengipun nagari kula boten mireng punapa-punapa. Nanging bab punika malah ladjeng boten kula gagas, amargi kula sampun manggih kekentjengan ing manah, baḍé ngupados padamelan sanès.

Mugi bapak sakalijan embok sampun kaget ing galih, sadaja ihtijar kula punika ugi mawi ngèngeti, sarta murih ndadosaken ḍanganing panggalih pandjenengan sakalijan. Amila terangipun, béndjing Sabtu sonten ngadjeng punika kula baḍé mantuk mriki, ngrembag babpunika.

Wasana mugi ndadosna kauningan.

Katur kaping 5 Desember 1902.

Ingkang putra pun

Darba.

Seratipun Darba ing nginggil punika pantjèn kadamel samar, perlunipun namung supados tijang sepuhipun kisénan rumijin, dados samangsa Darba ḍateng, sampuna tata-tata, Saupami sadaja sedyanipun punika dipun pratélakna ing serat, Darba sumelang manawi ndjalari klintu serap. Manawi sampun makaten, amesti tijang sepuh angèl dipun eluk. Para maos baḍé sumerep, kadospundi pangangkah-angkahipun Darba ngrembag bab punika, amurih ḍangan saha leganipun tijang sepuh.

Ing dinten Sabtu sonten, surja sampun boten ketingal, lentéra-lentéra ing margi ageng salebetipun kiṭa Surakarta, wiwit dipun sumedi. Ki Mas Najapada, ingkang èstri saha Darja, waunipun sami djagongan wonten ngadjengan, sareng sampun peteng ladjeng sami mlebet ing grija. Boten antawis dangu kepireng ramé swaranipun keréta langkung, mratandani bilih sepur wekasan saking Ngajogjakarta sampun ḍateng. Najapada njrantosaken ing sawatawis, awit adatipun Darba boten naté nganḍong. Sajektos, ing pakiwan wonten swaranipun tijang-wisuh, sakeḍap malih Darba mlebet ing grija. Sasampunipun tata lenggah bagé-binagèkaken, Darba takèn ḍateng kakangipun.

  1. — „Bakju kok ora mréné mas?"
  2. — „Ora, tekaku mau rada kesusu."
  3. — „Kesusu keprijé ?"
  4. — „Lagi djam lima iki mau olèhku nampani utusané bapak, ditimbali mréné. Takarani ana perluné apa, mulané bakjumu ora takdjak."
  5. — „Tolé wis bisa apa ?"
  6. — „Wis adeg-adeg antep."

Salebetipun makaten, mbok Najapada ngedalaken wédang saha patjitan katata ing médja anḍap, nunten sami ngombé saha matjit. Darba sumerep pasemoning tijang sepuhipun, kados énggal kepéngin

74