Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

anggènipun mabeni Darba, wekasan telas-telasaning rembag para sepuh anggèning damel sabab : njumelangaken manawi Darba keselak kénging goḍa (rojal).

Darba bingah ing manah, amargi saged sumingkir saking sabab wau, sarana aprasetya temen-temen baḍé boten nglampahi tinḍak ingkang dudu. Tijang sepuhipun inggih narimah, djalaran pantjèn boten wonten titikipun Darba gaḍah tinḍak makaten. Dados karampunganing rembag, bab émah-émah kénging béndjing-béndjing.

Samangké ingkang tansah dados pamanahan, bab baḍé pangupadosipun padamelan. Sampun mesṭi kémawon wontenipun Darba ngantos dumugi ing kaonderan, punika pantjèn wiwit alit dumugi sekolah saha magang, ingkang kadjangka namung anggenipun baḍé dados prijantun. Nanging makaten punika Darba namung katut ombjaking ngakaṭah, liripun anak prijantun limrahipun dados prijantun, mangka nalika pamagangipun Darba angsal tigang taun, sampun kaḍeḍeran raos boten sakétja, saja malih sareng Darba minḍak-minḍak seserapanipun, déning remenipun maos buku-buku saha serat kabar, tetéla bilih kaprijantunan punika inggih satunggaling sarana kémawon kanggé ngupadjiwa, teka dipun anggep mulja pijambak, punika jektosipun dèrèng kantenan. Samukawis menawi wonten sakétjanipun, mesṭi wonten pait getiripun. Wewah-wewah Darba mentas mireng rembagipun Onder saha djuru-djuru serat bab panjepengipun papréntahan, manahipun saja minḍak sempelah, batosipun : Sesawangan makaten kaṭik béḍa temen kalijan kajektosanipun. Wudjudipun njepeng pepréntahan, katingal andjegeḍag dipun adji-adji, kinéringan ing sesami, ingkang nglampahi djebul rumaos prasasat dipun srimpung, ing sabarang tinḍak sarwa pakèwed.

Darba saja tetep kepénginipun njambut damel ingkang mardika, liripun ingkang sakeḍik sangkutanipun kalijan pangageng ; namung kados pundi marginipun, punika ingkang dèrèng angsal wewengan, amila Darba sakelangkung prihatos, sarta tansah njenjuwun ing Gusti-Allah.

Pangintening ngakatah, anggenipun Darba prihatos makaten punika, saking ngadjeng-adjeng tumuntenipun tetep dados djuru serat, boten wonten satunggal-tunggala ingkang sumerep, bilih njatanipun malah nijat nilar kaprijantunan babar pisan.

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 


ANAK KALIJAN BIJUNG

Kadang kulawarganipun Darba, ingkang kaṭah sami boten najogjani ḍateng sedyanipun Darba, nanging kedjawi embokipun, tumrapipun Darba boten dados pamanahan, amargi sadaja punika gampil dipun telukaken sarana rembag ingkang patitis. Balik embokipun, manawi rembagipun boten keleresan, saged ugi rumaos kepeḍotan tresna, utawi putung manahipun. Pramila sasampunipun Darba rerembagan kalijan Onderipun, ladjeng kintun serat ḍateng tijang sepuhipun makaten :

73