Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

dalem tumpaki langkung ing ngriku, genḍuk ladjeng medal nguwuh manḍheg. Sesampuning kréta manḍeg, genḍuk énggal narantjag, adalem sanget kagèt, margi boten nginten jèn genḍuk, tur ladjeng ngrungkebi klajan nangis.

 Wah, punika kados punapa kémawon tjumeplonging manah kula, idjab rasa kaja dak-untal-untala mana. Ing ngriku ladjeng dalem bekta mantuk."

 Radèn Aju ndangu : „Apa sadjroné bebarengan mau ora takontinakon djeneng lan omahé, Sri?”

 Wangsulanipun Radèn Adjeng kalajan njembah : „Boten.”

 Radèn Aju ndangu : „Sing nemu kowé kuwi wong lanang apa wong wédok, Sri?”

 Aturipun Radèn Adjeng : „Tijang djaler.”

 „Isih enom apa wis tuwa ?”

 „Sampun sepuh.”

 Ingkang ibu sumambung: „Hlo, saiki wis malih tuwa ! Djaré isih enom, bagus mrak-ati !”

 Radèn Adjeng mbekuh ririh : „Ah, sibu ki kok, sing kanḍa isih enom ki sapa?” Sareng Radèn Adjeng matur mekaten sedaja sami gumudjeng, amargi Radèn Adjeng ketingal kekah kawelèhaken ingkang ibu. Radèn Adjeng Srini ladjeng ketingal katjipuhan sarta sanget ing lingsemipun, kalijan matur: „Sampun sepuh Gusti.”

 Radèn Aju mèsem angandika : „Ah, apa ija? Hem, énggané aku dadi djedjaka nemu wong aju kaja Srini ngono, é, bandjur dakgonḍol mulih baé !” Sedaja sami ger-geran gudjengipun, awit kedjawi seneng anggènipun anggegarapi, Radèn Aju seneng angraosaken lelampahanipun Radèn Adjeng Srini, punapa malih resepipun ningali ḍateng warninipun, amargi sasolah bawanipun Radèn Adjeng sarwa pantes aprak-ati, sanadyan sasamining èstri sedaja gaḍah kepéngin ningali warninipun Radèn Adjeng.

 Radèn Aju Nataséwaja ladjeng ngunandika : „Dadi lelakonku ki paḍa karo lelakoné mbakju ! Sliramu rak ija wis mireng warta lungané Rijanta ta, mbakju ?”

 Aturipun : „Késah kados pundi?”

 „I, ngamplah anéja ! Ana wong saomah sasat kepatèn ngéné kok mbakju ki ndadak tambuh.”

 „Hlo kados pundi ta, Gusti ?”

 „Anakmu Rijanta rak wis nembelas dina iki lunga ora pamit.”

 „Sanalika Kjai Dipati sekalijan ndjalenger. Sang Dipati ladjeng matur : „Eluh, dados ndara Mas késah?” Kok anèh ta !”

 Radèn Aju ngendika asemu suntrut : „Mula ja kuwi kakang ! keprijé gèk tukku ora ngenes ngatasé anak mung sidji ṭil, teka téga ninggal wong tuwa. Déné enggonku nggolèki wis ngentèkaké nalar.”

 Kjai Dipati ngantos ndjegreg, ladjeng matur : „Boten ta Gusti, prajogi kasabaraken rumijin, boten-botenipun jèn boten kondur ! Namung kémawon kados pundi bebukanipun, déné putra dalem ngantos mekaten ?”.

 Radèn Aju ngandika : „Sekawit ija sarèhning anakmu kuwi wis diwasa, hla wong saka pétungku anakmu kuwi wis umur selikur mlaku iki, ta kakang, mula saka karepku dakpurih omah-omah, supaja adja

71