Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

para luhur wis ora ana sing ngungkuli sagedé kaja swargi, tingarah apa sing diasta mesṭi betjik, aku nèk ngrasakaké sok nganti djuḍeg. Eeh, Gusti ki menjang samubarang kok sarwa mumpuni ; déné enggonku kasihan bijèn marga saka, ḍemenku suluk."

 Ingkang garwa njelani : ,,Pagéné kowé saiki wis mari ḍemen suluk ?”

 Wangsulanipun : ,,O, keprijé enggonku isih ḍemen suluk. Hla wong kedjaba swara wis bléro, saiki kabèh mitra-mitraku sing ḍemen wajang wis ora ana. Saikia kaé ija isih ana sidji loro, nanging ora kaja ḍèk isih swargi. Mula bareng swargi ngontjati, pet sepréné mari tukku ḍemen genḍang-genḍingan.”

 Radèn Aju Nataséwaja angandika : ,,Daksawang sliramu kok rada susut, kuwi apa pantjèn mentas gerah, apa ija mung saka watuk baé ?

 Wangsulanipun : ,,Anu Gusti, adalem punika pantjèn gaḍah sakit napas, nanging rekaosipun boten kados samangké, djalaran radi kasok saweg antawisipun setengah wulan punika.”

 Ingkang raji nambungi : ,,Anu kok Gusti, kasok anggénipun mentas tandang grija kabesmèn, tur mèh katjilakan.”

 ,,Katjilakan keprijé, mbakju ?”

 Aturipun : ,,E hla Gusti ki rak durung priksa ! Anu Gusti, adalem punika rak mentas kétjalan anak.”

 ,,O, o, sapa mbakju ḍing ilang ?”

 ,,Inggih pun genḍuk punika !” Mekaten kalijan anolèh ingkang putra. Radèn Adjeng Srini mèsem sarwi tumungkul.” ,,Wah, toblas Gusti, manah kula punika rak ngantos boten kanten-kantenan.”

 ,,Kuwi ḍèk apa ta ?”

 Wangsulanipun : ,,Punika ta Gusti, kala wonten kumiḍi ing alun-alun kabesmèn menika. O, toblas, kados pundi ta Gusti, sareng dilah ngalad-alad, wah, polahing tetijang punika rak ngantos salang tundjang boten kanten-kantenan.”

 Radèn Aju ndangu: ,,Sabandjuré keprijé ?”

 ,,Inggih punika, sareng pun kakang tuwin adalem sampun medal, ing ngriku pun kakang baḍé nulungi tetijang sagedipun énggal medal, pun genḍuk ngganḍuli, nanging ladjeng pisah, amargi kesuk ing tetijang kaṭah, temah ladjeng katilapan. Amung kémawon rahajunipun Gusti, ladjeng wonten ingkang welas, wonten tijang nénéman setunggal anganṭi pijambakipun, ladjeng kabekta medal saking ing alun-alun. Eh tobat, tudjuné kok ora ketjepit-tjepit nguwong !”

 Radèn Aju Nataséwaja ladjeng mèsem ndangu dateng Radèn Adjeng Srini : ,,Ija Sri ?” Radèn Adjeng mèsem kémawon. Radèn Aju ngandika : ,,Saiki saja geḍé kok saja kétok ajuné Srini kuwi ! Embok ija diombé wédangé kuwi ta Sri ! — Kuwi ta mbakju wédang karo ḍaharané disambi, karo tutugna dongèngé Srini. Sam, kaé Sam !”

 ,,Kula."

 ,,Kaé djupukna krokèt ngloḍong ḍuwur médja kaé, uwakmu rak karsa. Keprijé mbakju sapa djaré wong sing nulungi mau ?"

 Radèn Aju Pramajoga ngladjengaken tjarijos : ,,O, tijang boten kantenan kok, Gusti ! Saking tjariosipun pun genḍuk : sareng dumugi ing rumah makan Kreteg-gantung, pun genḍuk ladjeng dipun adjak kèndel sakeḍap. Sareng pun genḍuk mireng slomprèting kréta ingkang

70