Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

duwé karep embjang-embjangan. Kuwi ora kakang, kedjaba ora manut ing rembugku rina-wengi malah ora tau saba omah. Déné tukku tutur kuwi ija sarana alus, awit botjah wis geḍé. Kuwi ora, manḍak saja ndaluja, gèk keprijé tukku ora pegel! Saka pegeling atiku, bandjur daketog pisan, ora dak-aruh-aruhi, karepku supaja nuli nduwèni kenḍak. Apa ana? Manḍak saja lunga tanpa pamit. Ora liwat kakang, aku njuwun pitulungmu, keprijé anakmu bisané tumuli mulih, aku wis pasrah sliramu."

Aturipun Kjai Dipati : „Inggih Gusti, sasaged-saged inggih kalajan kula esti tumuntena saged pinanggih putra dalem. Namung saking panjuwun kula, mugi panggalih dalem ingkang lega-legawa, sampun sumelang sarta sampun nggalih ingkang boten-boten. Bilih katarimah panuwun kula, bokmenawi boten dangu putra dalem nunten saged pinanggih."

Kala semanten Kjai Dipati Pramajoga sekalijan ladjeng sami pamitan. Sampun rinilan, namung Radèn Adjeng Srini kalijan Radèn Adjeng Nèstri katjandet ing Radèn Aju supados kantun wonten ing ngriku.

(Serat Rijanta)


XV. PRIHATOS


Satunggiling tijang nénéman kados pun Darba, djembar sawanganipun, sampun saged nanding milih, panimbangipun ing samubarang prakawis mawi nalar-nalar ingkang premati, punika pantjènipun sampun kénging dipun etjulaken, kados pundi pamilihipun lampah baḍé gesangipun. Nanging manahipun Darba tansah peteng, dèrèng saged manggih tékad ingkang dipun antepi. Bab punika boten anggumunaken, amargi gesangipun bangsa Djawi nalika samanten wonten ing mangsa baḍé santuning djaman. Gagrag énggal ingkang awewaton pamanahan patitis, manawi kesangeten tjengkahipun kalijan kawontenan lami, inggih ladjeng nama boten laras kalijan djaman. Leres sanget tembungipun serat Kalatida, ingkang mungel: éwuh aja ing pambudi." Pramila ing sabarang pandjangka, Darba remen sanget mintokaken pamanggihipun ḍateng para wadjib, perlunipun ladjeng sageda angsal karampungan ingkang kénging dipun antepi, kados nalika Darba dipun ojak-ojak kapurih rabi, pamanahipun Darba pantjèn taksih tebih sanget, anggènipun damel sabab ugi patitis, sapisan: Anggènipun dèreng gadah pamedal pijambak. Kaping kalih : badanipun pijambak kémawon nama dèrèng kantenan, teka baḍé dipun rangkepi bodjo. Kaping tiga manawi kelampahan émah-émah, mesṭinipun ladjeng gaḍah anak, satunggal, kalih ......... Gèk ladjeng kados pundi, mestinipun ladjeng boten sampurna gesangipun.

Tijang sepuhipun nerangaken, limrahipun kedah makaten, amargi ingatasipun Darba sampun njanḍak umur 22 taun, punika nama kasèp.

Limrahipun, manawi gesang punika namung manut kémawon kalijan ingkang lami, djamanipun nama boten madjeng. Kaṭah-kaṭah

72