Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

tangenngen anjanḍak ketjohan: „Uh, uh, uh, o gusti, adalem punika wau rak pantjèn dèrèng saged sowan. Hem saking punapa: napas tansah ngangsur, mila inggih, hem, hem, uh, uh, uh !”

Ingkang raji nolih ladjeng ngandika: „Hara, pakné ki ngko rak pidjer gowak-gowèk baé.”

Raden Aju sumambung: „Karebèn ta, mbakju, keprijé, hla wong lagi mangsané watuk, dikapakaké ? Apa sliramu kersa ngundjuk pokak ta kakang, karebèn rada anget? Kaé, Sam !”

Radèn Adjeng sampun anggraita, énggal ngengakaken lemari, ladjeng angedalaken plentuk tuwin gelas, nunten lumados, gelas sampun dipun iling, punapa déné wédang tuwin ḍaharan.

Kjai Pramajoga ketingal rahap ladjeng anjanḍak gelas kalijan witjanten „Hla gilo ibuné, iki apa ora presasat kaja prabu Baladéwa, kala arep njirnakaké mungsuh kaḍang ḍéwé ?”

Radèn Aju Nataséwaja ndangu: „Sapa kakang?”

Wangsulanipun: „Anu, Gusti, Sang Arja Wresniwira, punika ta, jèn lampahan alap-alapan Setyaboma. Wah punika inggih mawi ngundjuk.”

Gelas ladjeng kaundjuk, pangandikanipun: „Tobat-tobat ibuné, njamleng pokak iki, boboté lagi entèk sagelas, pangrasaku kok wis kaja sang Kapiwara Anoman, kalané dinuta sang Prabu Rama njang Ngalengka!”

Ingkang garwa amangsuli: „O, nèk kaja Anoman duta isih kenomen pakné !”

Pangandikanipun Kjai Dipati: „Hla apa kaja Prabu Sugriwa utawa Subali kalané mikut mungsuh ing Guwa Kiskenda?”

Wangsulanipun: „O, ija isih kebregasen, pakné!”

Pangandikanipun Kjai Pramajoga: „Hla kaja sapa? Kabèh-kabèh kok durung mèmper.”

Wangsulanipun: „Nèk patuté: kaja Kapi Djembawan.”

Ingkang raka mèsem angandika: „E, hla, kurang adjar kowé kuwi, katik ana bregasé kaja ngéné dipaḍakaké ketèk bangkok baé.”

Radèn Aju Nataséwaja sanget karenan mirengaken anggènipun gegudjengan Kjai Dipati kalijan ingkang garwa, ladjeng ngandika:

„Kuwi Sam, gelasé edjogana manèh! - Mula anu mbakju, nèk suwé ora ketemu ki sok dakarep-arep karo daksemantakaké, kok kakang Dipati ki suwé temen ora réné-réné, awit sing dakkangeni ija nèk tjrita wajang ngono kuwi.”

Radèn Adjeng Sam ngilingi gelas, Radèn Aju tansah ngandika: „Hla, rak ja ngono, mengko uwakmu rak bandjur suluk.”

Kjai Pramajoga ngandika: „O, bendara Adjeng ki ora meningi swargi bijèn. O pijé ta buné, bijèn swargi Kangdjeng Pangéran kuwi ija ngono. Něk aku sowan, diadjak lenggahan ing geḍong panjeratan, ija karo keng garwa iki, manḍak gustimu ki ija karsa ngladèni pijambak. Kangdjeng ngasta gendèr, aku sing suluk. Wah, hla kuwi gubjes nganti ketug wengi, terkaḍang nganti teka bjar ésuk, awit ḍèk semana kraton ija lagi wiwit-wiwité angudi wuwuhing genḍing-genḍing, laguning suluk-suluk, pakem-pakem sarta betjiking jejasan wajang. Mangka

69