Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Hèl dipun enḍegaken. Upas kalih ingkang sami nḍèrèk mlongo, taksih linggih ing wingking. Dèn bèi asistèn wadana préntah supados Rapingun terus wangsul. Lis ladjeng kaḍeḍet, Hèl mlampah, ngentrag, sontan-santun kalijan matjan nubruk. Tijang-tijang sami tjingak déné Rapingun saged wangsul kanti wiludjeng. Punapa malih sumerep lampahipun Hèl sadjak gumagus. Mangka lampah makaten wau namung tumrap kapal ingkang sampun mbangun turut lan sampun dipun adjari.

Jektosipun mèh sadaja kapal Sandel ingkang wanter manahipun, temtu saged mlampah makaten punika, uger ingkang numpaki prigel anggènipun ngolahaken lisipun, saged andjumbuhaken kalijan panggraitaning kapal.

...............................................................

(Ngulandara)

XIV. TAKSIH SALEBETIPUN PEPETENG

Katjarijos, kala sapengkeripun Radèn Mas Rijanta, Radèn Aju Nataséwaja ladjeng utusan ngupadosi ing salebeting kita ing pundi adat pasabanipun Radèn Mas Rijanta, dipun padosi sadaja pinanggih sepen. Sawenèhing djuru pétang tjarijos, jèn purugipun Raden Mas Rijanta ngalèr ngilèn. Radèn Aju inggih ladjeng njebar tetijang dinawuhan anglatjak purugipun Radèn Mas Rijanta, ananging sedaja sami boten angsal damel. Sareng sampun watawis setengah wulan, Radèn Aju ladjeng ènget dateng mitranipun swargi ingkang raka, ing kang anama Dipati Pramajoga, inggih punika ingkang rama Radèn Adjeng Srini ing Tamansari. Radèn Aju ladjeng utusan animbali mawi kapetuk ing kréta, Dipati Pramajoga sagarwa putra ladjeng sami sowan.

Kala semanten amarengi ing wantji sonten. Radèn Aju Nataséwaja pinarak ing dalem gadri wétan, Dipati Pramajoga sagarwa putranipun sami dateng. Radèn Aju Dipati tuwin putra kekalih terus marak ing ngarsanipun Radèn Aju, sang Dipati lenggah wonten ing pandapi, boten dangu tumunten katimbalan malebet.

Raden Aju Nataséwaja ketingal suka pirenaning galih angatjarani tamunipun. Ing ngriku ladjeng satata lenggah, Raden Adjeng Marsam angadep tjelak Radèn Adjeng Srini tuwin Radèn Adjeng Nèstri, ing ngandap para abdi emban, para njai tuwin abdi pandèrèk. Sesampuning bagja-binagja Radèn Aju Nataséwaja ladjeng angandika:

„Kakang, anané saliramu sakloron dak-aturi mréné kedjaba aku kangen, ija ana preluné setitik.”

Raden Aju Pramajoga sumambung: „Gusti, adalem inggih sanget kangen, watawis dèrèng dangu adalem inggih mentas raosan kalijan pun kakang baḍé sowan mriki. Ananging sareng baḍé mangkat ladjeng boten èstu, amargi pun kakang angot napasipun.”

Kjai Pramajoga punika kagungan sakit napas, ananging saklangkung tjutjut, jèn ngandika nggumudjengaken, ladjeng sumambung kalajan watuk-watuk, tanganipun ingkang kiwa aseduwa, ingkang

68