Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

sawetawis. Hèl ladjeng mbanḍang. Marginipun tansah minggah manḍap. Saben baḍé minggah, lis dipun geḍeg. Sampun temtu Hèl ngetog kekijatanipun. Sareng lampahipun angsal tigang pal malih, Hei ketingal kenḍo. Sanadjan kasereg, lampahipun inggih namung drap. Ing ngriku njata jèn Hèl sampun lemper saèstu. Sakeḍap malih lampahipun Hèl dados aḍéan. Dumugi onderdistrik Bèdjèn purun dipun kèndelaken. Rapingun ladjeng meḍak. Hèl dipun epuk-epuk lan dipundjak witjanten mawi tembung manis.

Boten dangu Hèl katingal gambira malih. Rapingun énggal njéng- klak. Lis kaputer, baḍé wangsul. Hèl lampahipun drap, nanging kala- kala taksih purun ngosog. Sanadjan makaten, sareng lampahipun angsal tigang pal, drapipun inggih ladjeng kenḍo, dados drap alus. Boten dangu dumugi Tjandirata malih.

Saking Tjandirata marginipun majat. Saking kadjengipun Rapingun, murih Hèl kapok anggènipun purun mbanḍang, lis ladjeng dipun geḍeg. Hèl inggih ladjeng mbandang. Dèrèng angsal tigang prasakawan pal sampun malih drap. Hèl dipun gedeg malih. Ladjeng mbanḍang malih. Nanging saweg sawatawis tebihipun inggih dados drap malih. Makaten wongsal-wangsul, ngantos Hèl ketingal lemes. Wiwit punika Hèl kalampahaken lon-lonan ngantos saepal tebihipun, minangka kanggé ngaso. Jèn mentas mlampah lon-lonan, ladjeng dipun drapaken. Makaten gantos-gantos. Sareng mèh dumugi Ngadiredja, saking katebihan Rapingun sumerep Kreta mladjeng metukaken. Kala samanten lampahipun Hèl adéan. Sareng kapetuk Kreta, Hèl manḍeg greg. Rapingun panjepengipun lis mawi tangan kiwa, tanganipun tengen mendet katju kanggé ngusapi kringetipun ingkang pating dlèwèr ing rai lan ing gulu, kalijan mèsem-mèsem.

Kreta pitakèn semu gugup :

"Rak boten napa-napa ta mas Rap?"
"Enggih napa-napa mawon".
"Lo, rak boten onten alangan napa-napa ta?"
"Onten mawon alangané".
"Jah mas Rap ki, ditakoni tenan kok gegujon."
"Lah pripun ta?"
"Napa boten manggih kasangsaran?"
"Nèk kasangsaran boten. Mung alangané, teng Bèdjèn pantjèné kula ngelak banget, nanging boten bisa tuku wédang."
"Nèk mung ngoten mawon nggih boten dadi napa. Kuwatos kula boten kanten-kantenan kok."
"Ndara setèn napa empun kondur ?"
"Saweg mawon.
"Napa boten ndangu?"
"Ndangu, malah kula didawuhi ngrumijini; ndara setèn adjeng mapag nganggé oto.'
"E lah, empun kula ngrijini mawon."

Hèl angsal ngaso sakedap, dipun dedet lisipun, ladjeng drap me- met. Sareng mèh dumugi sadjawining dusun, Rapingun sumerep oto Overland ḍateng, nanging ladjeng mandeg. Boten dangu ketingal dèn bèi asistèn wadana meḍak saking oto. Hèl dipun pepeg, lampahipun

dados matjan nubruk. Dumugi ngadjengipun dèn bèi asistèn wadana,

67