Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

abahi, punika prasasat ngaso, dados napas pulih kados waunipun malih. Mila baḍé bigar malih. Nanging lis kapekak, dados kadung, namung nglumba-nglumba kémawon. Rapingun kedjawi ngèngeti rupaking papan, djalaran wonten pekarangan, mila kadjarag supados Hèl suda kelijatanipun dèning anggénipun nglumba-nglumba, awit baḍé ngam- bah margi ageng, kaṭah tijang-tijang mlampah. Samangsa kekijatan- ipun suda, tandangipun inggih suda, dados boten patos mbebajani. Lan malih kanggé andjagi sampun ngantos Hèl peḍot napasipun. Awit kaṭah kémawon kapal Sandel ingkang mbanḍang ladjeng ambruk terus pedjah. Makaten wau djalaran saking lepatipun ingkang numpak, déning kirang dugi-dugi, dumèh kapalipun kijat mbanḍang kémawon.

Kreta sumerep Rapingun kabekta nglumba-nglumba Hèl, manah- ipun geter, badanipun ngoplok, kuwatos mbokbilih Rapingun katjilakan. Sarèhning boten saged nulungi, tur Rapingun inggih boten betah dipun tulungi, Kreta namung ngetut wingking saking katebihan kémawon.

Sareng Hèl anggènipun nglumba-nglumba lan bigar sampun radi kendo, lis dipun inger. Hèl terus dateng margi ageng, ngener mangalèr dateng Tjandirata. Lis dipun kendoni, Hèl mlumpat ladjeng njong- klang medar, badanipun nguler kilan, mbanḍangipun dipun etog sa- èstu. Kreta nututi dateng margi ageng, nanging namung sumerep sageblasan. Rapingun sampun boten katingal.

Ing ngriku ugi kaṭah tijang ingkang sami ningali. Sanadjan Ra- pingun sampun boten ketingal, tijang-tijang boten énggal sami késah, malah sami rembagan ngraosi tindakipun Rapingun wau. Wonten ing- kang nglepataken, wonten ingkang nutuh. Nanging ingkang kaṭah sami ngalem. Ewadéné sadaja wau boten sepen was-sumelanging manah. Langkung-langkung Kreta, namung tansah kaworan maras ṭok, boten ngertos kados pundi murih Rapingun saged wiludjeng.

Mbanḍangipun Hèl sampun angsal tigang pal, dèrèng ketingal kendo. Rapingun pantjèn saged ngerèh dateng kapal, dasar tatag tur prajitna. Mila sanadjan mbanḍangipun Hèl kados mimis, tur wonten margi ageng ingkang sanadjan boten nama ramé nanging inggih boten sepen, inggih wiludjeng.

Sareng lampahipun njandak kawan pal, lis kapepeg, Hèl purun kendo, ladjeng mlampah drap. Angsal saepal malih lis dipun pepeg malih, lampahipun dados adéan. Tindak makaten wau minangka kang- gé ngasokaken Hèl. Sareng lampahipun dumugi distrik Tjandirata, kringetipun kados dipun sokaken, sami urut suku. Nanging wantering manahipun Hèl dèrèng mantra-mantra suda, katitik saking raosing lis.

Saking pangangkahipun Rapingun, lampahipun Hèl baḍé dipun kendokaken malih. Lis ladjeng kapepeg malih. Nanging boten kenḍo, malah baḍé mbanḍang. Rèhning ing ngadjeng marginipun baḍé nekuk sanget lan ndjuleg tur wonten kretegipun tjijut, panjepengipun lis kendali très dipun rosani. Hèl nglumba, mèh ngadeg djedjeg, kuping- ipun ndjepiping, mbekas-bekos kalijan gebrès-gebrès, mratandani jèn muring. Panjepengipun lis terus dipun pepeg, awit ngèngeti rumpiling margi. Sareng lampahipun sampun nglangkungi margi ingkang ndju- leg lan kreteg ingkang tjijut, lis dipun longgari, malah dipun geḍeg 66