Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

nanging boten saged, djalaran ḍaḍung kenḍali lan witipun sawo santosa sanget.

 Rèhning anggènipun baḍé mbanḍang ketjuwan, Hèl ladjeng nglumba-nglumba, nenḍang-nenḍang, nubruk, milar ngiwa-nengen ngubengi wit sawo. Rapingun ladjeng murugi wit sawo, ḍaḍung kada- mel longsor klowonganipun. Hèl mubeng-mubeng, ḍaḍung boten saged nggubed. Polahipun Hèl ngédab-édabi sanget. Sakeḍap kémawon plataran sakubengipun wit sawo sampun dados patjulan.

 Rapingun ketingal bingah. Saben polahing Hèl katingal kendo ladjeng dipun opjak-opjak mawi wilah pandjang. Sampun temtu kémawon Hèl ladjeng ngetog karosanipun malih. Satengah djam kémawon Hèl tandangipun ketingal radi kenḍo. Ḍaḍung ladjeng katarik mèpèt wit sawo. Sareng tjongoripun Hèl sampun mèpèt wit sawo, ladjeng kaerut mèpèt, ngantos Hèl boten saged nḍangak utawi nḍingkluk.

 Hèl ketingal tutut, ladjeng dipun epuk-epuk, wiwit saking sirah ngantos dumugi ing djalak. Sareng tangan dumugi ing geger, Hèl kraoskeri, baḍé nggiwar, nanging boten saged. Dados namung suku wingking ingkang minger adegipun. Awit ingkang makaten wau mratanḍani bilih Hèl badé angèl dipun abah-abahi. Rapingun ladjeng nindakaken réka-daja. Sukunipun Hèl ingkang ngadjeng sisih kiwa dipun tjepeng, kadjundjung, katekuk mèpèt kalijan pupunipun, ladjeng dipun tangsuli. Dados Hèl adegipun namung kasanggi suku tiga.

 Hèl polah, baḍé uwal, nanging inggih namung mugat-muget kémawon, amargi suku ingkang tumapak namung tiga, tur tjongor sampun mèpèt wit sawo. Mila prasasat boten saged ébah.

 Kreta sumerep kawontenan wau suda sumelangipun, lan pitados jèn Hèl baḍé kénging dipun abah-abahi déning Rapingun pijambak.

 Rapingun ladjeng menḍet slébrak, katumpangaken ing gegeripun Hèl. Hèl mèndel kémawon. Lapak ladjeng katumpangaken, kapèpètaken madjeng, murih boten ngéwahaken kentjenging amben. Amben katangsulaken ngantos kentjeng, karangkep kalih. Ladjeng dipun rangkep malih mawi amben génḍong. Sanadjan Hèl ngetog budinipun, amben boten saged kenḍo lan boten sumelang jèn pedot.

 Lis ingkang satunggal kaetrapaken ing kenḍali pangèn ingkang dipun slurupi ḍaḍung wau; satunggalipun malih kaetrapaken ing ken-ḍali très. Sanggawedi kaukur tjekapan pandjang tjekakipun. Lis katangsulaken ing gelangan pongoling lapak. Ḍaḍung ing gulu ingkang kaslurupaken ing kenḍali pangèn, ingkang katangsulaken wit sawo, dipun utjuli. Hèl kraos longgar saking wit sawo, ladjeng baḍé budi. Nanging ladjeng meksa boten saged, djalaran sukunipun ingkang satunggal dèrèng tumapak, taksih katekuk, dipun tangsuli. Ḍaḍung ladjeng kaubedaken ing gulu.

 Rapingun wiwit tata-tata baḍé numpak. Lis kapenḍet saking gelangan lapak, katjepeng tangan tengen, tangan kiwa njenḍal tangsul wangsul ingkang ngerut suku kalijan pupu. Sukunipun Rapingun sampun tumumpang ing sangga weḍi. Sareng lan tumapaking suku ingkang kaerut, Rapingun sampun tumumpang ing lapak, suku tengen mantial sanggawedi sisih tengen. Tangan kalih njepengi lis. Sami sakala Hèl

nglumba, ndjondil kalijan nendang, nggiwar ngiwa-nengen, nubruk-nubruk lan baḍé mbanḍang. Amargi sadangunipun Hèl dipun abah-

PETIKAN MANTJA WARNA

65