dipun sukani malih. Sadangunipun Hèl neḍa pisang, gulunipun dipun puk-puk, dipun djak rembagan mawi tembung manuara, dipun sukani ulat manis. Mila sanadjan kapal banḍol, Hèl inggih ladjeng tutut, mèndel kémawon kalijan neḍa pisang.
Rapingun ladjeng ngetrapaken ḍaḍung ing gulunipun Hèl kanţi lon-lonan. Sadangunipun Hèl neḍa pisang, tjangkemipun dipun lebeti kenḍali kalih, très lan pangèn. Sareng sarungan baḍé kaetrapaken ing gitok, Hèl baḍé budi, nanging ladjeng dipun arih-arih lan dipun elus-elus, sarta boten kendat dipun sukani pisang, satemah ladjeng anteng malih. Sareng sarungan sampun kaetrapaken, tangsul uwang dipun angslupaken, ing timangan. Ḍaḍung ladjeng kaslobokaken ing gelanganing kenḍali kiwa tengen, kaubetaken malih kalijan ḍaḍung ingkang saking gulu, murih gelangan boten mlèsèt ngiwa utawi nengen. Ranténing kenḍali très dipun pasang.
Sareng Hèl kraos tjangkemipun kaerèh ing kenḍali, ladjeng budi, palanging geḍogan dipun péngkali. Nanging sarèhning sampun dipun wékani, mila boten ngutjiwani. Polahipun Hèl kados baḍé mlumpat-mlumpata, nanging slarakipun dipun kerepi manginggil, mila namung gidro-gidro kalijan nenḍang-nendang kémawon.
Kreta sumerep polahipun Hèl kados makaten wau adjrih, maras, sumelang.
„Empun mas Rap, empun. Rijin mawon dilimani, kok saniki adjeng diidjèni. Blai mangké !”
„Diidjèni pripun, ta? Rak enggih diloroni ta kalih sampéjan.”
„Ah boten djandji! Kula boten saguh lo mas Rap. Rijin mawon sing tijang katah kula boten wantun; mung mendetaké lapak tok. Saniki malih mung sampèjan idjèn, wantuna. Mangka sampéjan kulinané mung kalih oto sing boten saged méngkal. Boten, boten èstu lo !”
„Sampéjan mung njekeli mawon, kula sing nglapaki.”
„Boten ah, boten! Rijin mawon sing tijang katah kuwalahen; kula malih bisaa !”
„Enggih, ning nèk sampéjan sing njekeli, mesti nuruté.”
„Ah, boten èstu lo mas Rap. Wong njawa mung sidji djaré arep dienggo dolanan. Gumampang sampéjan niku.”
Rapingun namung gumudjeng kémawon mireng wangsulanipun Kreta kipa-kipa wau, Kreta tansah ngulataken Hèl, uger mbekos, Kreta kagèt, sadjak baḍé mladjeng kémawon. Ing batos Kreta nemtokaken jèn Hèl mangké baḍé utjul lan dados damel. Boten wandé pijambakipun meksa tumut ngrekaos, mila manahipun tansah sumelang kémawon.
Tangsul bago ingkang saking kenḍali, dipun wedalaken nglangkungi sloroking konten, terus kaulur, katangsulaken ing wit sawo manila ingkang sampun ageng, kaprenah satengen geḍogan. Sloroking konten wonten tiga. Slarak ingkang ngandap pijambak dipun bikak. Slarak nginggilipun pantèkipun dipun lolos, nunten slarak kabikak sareng. Sami sanalika Hèl mlumpat saking geḍogan kados sima nubruk mangsan. Makaten ugi Kreta, énggal mladjeng nebihi geḍogan, ḍateng panggénan ingkang boten mbebajani, Manahipun trataban, tangan lan sukunipun sami ndredeg.
Dumugi plataraning geḍogan Hèl bigar, baḍé terus mbanḍang,
64