Dinten Minggu tjanḍakipun, langitipun ketingal sumilak resik. Dalunipun mentas djawah, dados wit-witan sami katingal seger, ronipun ngrembujung idjem rijep-rijep, adamel sakétjaning paningal. Margi-margi katingal resik boten mbleṭok. Hawanipun sakétja, mila prajogi sanget kanggé ngénggar-énggar manah.
Dèn bèi Asistèn-wadana sakalijan tuwin anakipun medal ḍateng margi ageng, lampahipun alon-lonan, sadjak baḍé sandja.
Rapingun sumerep dèn bèi Asistèn-wadana sakalijan tuwin anakipun késah, manahipun seneng sanget. Ladjeng ngungak ḍateng margi ageng, dèn bèi Asistèn-wadana sampun boten ketingal. Énggal-énggal madosi réntjang èstri pun Salijem. Sareng pinanggih saweg njapu wonten èmpèr wingking, dipun takèni:
- „Jem, Jem!'
- „Wonten menapa, mas Rap ?”
- „Ndara setèn wau tindak pundi ?”
- „Kala wau ndara dèn aju ngendika baḍé tindak kemantrèn guron.”
- „Jèn tindak sandja niku asring dangu napa boten ?”
- „Adaté ngantos setengah kalih welas saweg kondur.”
- „Dados ngantos dangu ?”
- „Enggih ! Ndara dèn aju menika awis-awis tindak. Nanging jèn sampun kersa tindak, inggih sok mrèmèn-mrèmèn kados alang-alang kobong.”
- „Tiwas kebeneran !”
- „Dospundi ta ?”
- „Boten napa-napa.”
Rapingun késah, mlebet ḍateng kamaripun. Boten dangu medal, nganggé sruwal dril idjem tjekak, rasukan namung rangkepan, dipun tjantjutaken dumugi sikut, gulonipun dipun bikak tjara Amérikan, mawi njangking ḍaḍung bago ageng, pandjangipun nem mèter; tanganipun kiwa njangking sarungan kenḍali, kabekta ḍateng geḍogan. Ladjeng wangsul malih menḍet pisang, perlu kanggé makani Hèl kados adat saben.
Hèl sampun wanuh ḍateng Rapingun. Mila sareng Rapingun ḍateng, ladjeng gereng-gereng, enḍasipun dipun anglungaken ing slarak kalijan ngambus-ambus tanganipun Rapingun, déné pisang dèrèng dipun tedahaken. Rapingun ladjeng mèpèt ing geḍogan. Sirah lan badanipun dipun ambus-ambus sadaja, kados adat saben. Hèl gentos dipun elus-elus saking tjiṭak ngantos dumugi ing djalakipun. Samangké tjeṭa bilih Hèl boten namung wanuh kémawon kalijan pijambakipun, nanging kénging dipun wastani sampun andjilma.
Kreta sumerep, gumun, witjanten :
- „Wah gumun aku, Hèl kena digunani mas Rap !"
- „Ta ngandel boten saniki sampéjan ?”
- „Enggih empun !”
- „Guna bisa niku sing mandi ḍéwé : sambang serawungan, bisa nudju prana.”
Hèl dipun ulungi pisang sauler, terus dipun mamah. Saben telas
63