Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

„Nanging ija bener kanḍané ibumu kuwi, Tin. Apa kowé ora weruh nomeré oto buri mau, Tin ?”

„Menika wau terang wonten bordipun: huurauto, AA nomer 1013.”

„Apa dudu taksi Parakan?”

„Kados sanès pak, sadangu kula wonten Parakan dèrèng naté sumerep ḍateng sopir punika. Menapà malih taksi Parakan ingkang kaṭah Dodge, sareng menika wau mèrek: Buick.”

„Diparingi persèn kok ora gelem ja, pak?”

„Hla ja kuwi !”

„Kiraku kurang, pak !”

„Mau arep takwènèhi seringgit; rumangsaku wis mèmper. Nanging sopir mau durung nganti weruh pira anggonku arep mènèhi. Dadi tetep jèn ḍèwèké ora gelem nampani. Ja mèmper, wong iku jèn bagus, ḍasar wataké alus, mesṭi sugih kaprawiran !”

„Ah, bapak ki saiki ngalem, tiru-tiru ibu”. Jektosipun anakipun ing batos ngleresaken tjarijosipun bapak lan ibunipun. Nanging limrah, kenja punika boten purun ngalem ḍateng djaka wonten sangadjengipun tijang ingkang dipun rikuhi.

„Wis ngéné waé, mengko jèn tekan Parakan dienḍeg, utawa samangsa ḍèwèké manḍeg, endang kanḍaa aku!”

„Inggih, pak.”

„Ija pak, aku rudjuk. Lan manèh diimbuhi seringgit engkas, minangka patukoné kaprawirané lan pangémané menjang kowe”.

„Ija, karepku ja ngono kok bu.”

Lampahing oto kekalih wau remben sanget, djalaran sasampunipun nglangkungi dusun Kléḍung, marginipun tansah mandap lan rumpil, tur kaṭah énggok-énggokanipun ingkang njikut, ḍasar ing wantji dalu tur grimis. Sanadjan lentéranipun boten kirang padang, nanging kala-kala kasaput ing ampak-ampak, ndadosaken rekaosipun para pangemudi oto. Versnelling kalih kerep dipun ginakaken, menapa malih péḍaling rèm tansah ing dlamakan. Makaten wau namung rumeksa wiludjenging lampah.

Sanadjan Buick wau pantjènipun saged mlampah rikat, déning sopiripun sampun kulina sanget ḍateng margi ingkang dipun langkungi, nanging kapeksa sabar, amargi ing mangsa punika saweg rumeksa oto Overland alit. Ndjagi alanganing lampah sanèsipun malih. Rembening lampah saèstu kados prabu anom Gatutkatja nalika ngiring ingkang raji satrija Plangkawati R. Abimanju nalika dipun kèngkèn madosi pandung ingkang mlebet ing taman Kedilengeng. Mangka jèn boten saged njepeng, badé kadamel pangéwan-éwan wonten ing nagari Ngastina. Lampahipun manḍeg-mangu, saking rubeding manah, wusana ladjeng mrebes mili. Satrija prabu anom Gatutkatja boten tlompé, énggal njelaki sarta ambombong murih gambiraning manah.

Boten dangu saking katebihan katingal soroting lampu-lampu margi, sumorot manginggil, kados wana kabesmèn. Mratandani bilih sampun mèh dumugi ing kiṭa. Ingkang makaten wau inggih kajektosan, let saprasekawan djam oto dumugi Parakan.

.............................................................

62