„Samangké tanggel gesang motoripun ndara!”
„Wah, ketrima banget, kuwi Tin dompètku ana ngesak kuwi djupukna.”
„Mangga pak !”
„Ndara, mangga dipun stater”.
Oto dipun stater ladjeng gesang, lentéra bjar paḍang.
„Sampun ndara, mangga ladjeng tindak, amargi sampun djam sadasa.”
„Niki lo!” Sandjang makaten wau kalijan ngulungaken tangan ingkang sampun isi arta.
„Sembah nuwun ndara, mangga ladjeng tindak kémawon, adalem ndèrèkaken ing wingking.” Sopir terus murugi otonipun pijambak kalijan nggèrèd rambutipun Kasna, awit Kasna mlongo déning lurahipun boten purun nampèni arta. Mangka sajektosipun sampun kumetjer sumerep tanganipun prijantun isi arta wau. Mila ing semu gela sangetdéning mlèsèd pangadjeng-adjengipun tampi panduman. Satemah namung ngingetaken kalijan mlongo. Nanging dèrèng ngantos kasumerepan déning ingkang baḍé suka gandjaran kesesa dipun sèrèd sopir ipun.
.........................................................
Oto kalih-kalihipun ladjeng sami biḍal. Lampahipun saé, swantenipun motor boten wonten gèsèhipun, mratanḍani oto ingkang risak sampun pulih kados waunipun.
Prijantun tetiga wau bingahipun boten kénging winiraos, Rumaos tampi kanugrahaning Pangéran, ontjat saking raos pegel, àtis lan sumelang. Ingkang èstri sandjang ḍateng ingkang djaler kanţi bingah, katitik saking lagu lan swantenipun :
„Kuwi mau sapa ta, pak?”
„Embuh ja, bu.”
Anakipun njambeti: „Ḍateng bapak kok matur: ndara. Sadjak sampun sumerep.”
„Kiraku ja uwis, nanging aku durung weruh. Ajakna sopir taksi.”
„Ah kiraku dudu pak. Wong botjahé bagus, ki, polatané djetmika.”
„Apa sopir taksi kuwi ora kena duwé rupa bagus lan polatan djetmika ?”
„Ajaké nèk manut ibu, rupa bagus kuwi dadi monopoliné prijaji Paduné ibu kuwi mung arep ngalem wać, dumèh gelem nulungi !”
„Ja ora ngalem mono, wong njatané. Kono pikiren: ing ngatasé durung nganti diendeg kok manḍeg ḍéwé! Ora didjaluki tulung, bandjur nulungi. Duwé pangéman menjang bapakmu, déning kegrimisan, tur tembungé kaja ngono mau, hara ta, andak watak kaja ngono mau dumunung ana angger uwong?”
61