Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

„Boten dados napa.”

„Boten ndara mangga lenggah kémawon, adalem sampun kulina ḍateng djawah lan bentèr, pandjenengan dalem kirang prajogi.”

„Ning kok raosé kirang sakétja, wong ditulungi kok malah ngénak-énak.”

„Boten ndara, sampun kagalih kadospundi-kadospundi. Jèn pandjenengan dalem boten lenggah nglebet, ngrendeti padamelanipun dalem, amargi manahipun adalem ladjeng kirang tentrem, déning sumerep pandjenengan dalem kegrimisan tur wonten ngriki, papan ing kang hawanipun asrep.”

„Inggih ta jèn ngoten.”

„Wis, Na, puteren sing adjeg ja, Na!”

„Enggih.”

Sareng sampun kaputer kinten-kinten samenit dangunipun sopir ladjeng matur malih :

„Menapa kapareng dalem bikak?”

„Mangga, mangga!”

„Na, oborana nganggo rèk ja Na !”

„Enggih.”

„Nanging ngati-ati adja ketjeḍaken, awit tèngé waḍah bènsin oto iki ana ngarep, jèn ana pipa sing botjor barang.”

„Enggih pun.”

Sareng sampun kabikak sarta dipun tingali, ladjeng préntah ḍateng kenèkipun.

„Na, ndjupuka gombal!”

„Enggih.”

Prijantun ingkang gadah oto njelani:

„Kadospundi?”

„Boten menapa-menapa, ndara. Kintenipun adalem, samangké saged gesang.

„Sukur ta !”

„Niki lo gombalé”.

„Resik ora, Na ?”

„Resik sanget, tijang niku halsduk kula.”

„Halsduk kok kaja ngéné?”

„Kantenan blatjo adjeng kula damel kotang boten sida.”

„Kok ora sida ana apa ?”

„Tijang tasih kirang.”

„Hla tuku kok nganti kurang ?”

„Tijang niku boten tumbas, kok. Ḍèk bapak pedjah nika ulesé turah, ha enggih niku turahané.”

„Wis iki nja !”

„Pundi, ngriki, adjeng kula anggé kuḍung, wong taksih grimis. Kula niki sok mumet nèk kegrimisan.”

„Pambekanmu kaja ndara menggung. Wis iki businé pasangen. Sing kentjeng ja!”

„Enggih.”

Busi ingkang kabikak sampun kapasang malih, sarta sanèsipun sampun kentjeng sadaja, kekeping motor dipun tutupaken malih, sopir ladjeng sandjang.

60