Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

 Kenèking oto manḍap rumijin nggandjel roḍa wingking, awit wonten ing margi sumengka. Lentéra ngadjeng kalih pisan dipun pedjahi. Zuklicht dipun gesangaken, punapa déné motoripun inggih taksih dipun gesangaken prelu kanggé nggesangaken zuklicht.

 Sopiripun ladjeng meḍak, murugi oto ingkang mogok. Sanadjan wekdal samanten taksih grimis, boten karaosaken. Sareng tjelak, sopir ladjeng takèn, tembungipun anḍap-asor ;

,,Kados pundi ndara, kèndel wonten ngriki ?”

 Prijantun djaler wau ladjeng meḍak saking oto lan maspadakaken ḍateng tijang ingkang takèn. Ing manah kèwedan anggènipun suka wangsulan, awit ingkang takèn wau radi ngoḍengaken manah. Sabab larénipun bregas, tata-kramanipun djangkep. Jèn kaanggepa sopir limrah boten pantes. Nanging saupami sanès sopir taksi, lah punapa. Awit sanadjan tjlananipun bregas, nanging sami katingal pating dlemok tilas kénging lisah, tur rambutipun morak-marik, mèmper jèn namung sopir taksi. Langkung-langkung manawi ngèngeti anggènipun njebat ndara. Ewadéné ing manah dèrèng sreg. Baḍé nggenahaken sinten pijambakipun, inggih kirang sakétja, boten tjunḍuk kalijan empan papanipun. Mangka anggènipun takèn wau baḍé suka pitulungan. Mila murih sakétjanipun ladjeng menḍet palih-palih. Suka wangsulan mawi tembung madya, makaten :

,,Rèwèl, mogok boten purun mlampah !”
,,Ingkang rèwèl menapanipun, ndara ?”
,,Kula kirang terang.”
,,Menapa dalem kapareng nuwèni ? Mbokbilih saged ngleresaken.”
,,Kénging ! Wé lah kleresan !”

 Sadangunipun sopir tumandang, prijantun èstri kalih ingkang wonten wingking sami katingal bingah. Gaḍah pangadjeng-adjeng baḍé sumingkir saking kasisahan.

,,Na, Na, Kasna !”
,,Kula.”
,,Hara djadjal iki kabèh bukakana !”
,,Enggih.”

 Sareng sampun dipun bikaki sadaja, ladjeng dipun tingali. Sarèhaning soroting zuklicht saking wingking boten saged ḍawah ing motor mogok, anggènipun ningali inggih boten patos terang, mila ladjeng neḍa sumerep ḍateng prijantun ingkang gaḍah :

,,Menapa sedaja sampun resik, ndara ?”
,,Jèn bab resik kula tanggel, nanging renggang-rapeté satélan kula boten ngretos, wiwit rumijin boten kula éwah-éwah.”
,,Bab renggang-rapetipun kados sampun tjekapan, sadaja sampun dalem gagapi.”
,,Pantjèn wingi-wingi enggih boten naté rèwèl,”
,,Slingeripun wonten pundi, ndara ?”
,,Niki onten ngriki.” Kalijan nedahaken bak ngadjeng.
,,Na, kaé slinger djupuken”
,,Engih.”
,,Sarèhning grimisipun taksih, mangga ndara lenggah nglebet kémawon !”

59