(Wanasaba). Saking Kléḍung ḍateng Parakan utawi Kreteg sami tumurunipun.
Ing Kléḍung punika misuwur atisipun. Ḍasar anginipun sumribit, sinembuh grimisipun tanpa kenḍat, sampun temtu atisipun tikel, Sampun ingkang kados kawontenan kasebut nginggil wau, saweg ing wantji djam kalih welas sijang, tur surjanipun djumeprèt kémawon hawanipun meksa atis. Langkung-langkung tumrap para tijang ing tanah ampah.
Kala samanten ing salebeting oto boten wonten ingkang sami tjetjrijosan, namung sami seḍakep, awit kedjawi ngraosaken atising hawa,
inggih saja djuḍeg manahipun. Boten kantenan tudjuning kadjeng, sadaja namung sami ngetut lampahing gagasanipun pijambak-pijambak. Pinten-pinten lelamunan. Nanging boten wonten ingkang saged mbirat èwed-pakèwedipun, destun namung malah saja ngimbeti ribeding manah.
Namung anakipun ingkang ketingal boten patos sisah. Sakeḍap ningali redi Sumbing utawi Sindara, ingkang saja dangu namung katingal ngregemeng kémawon. Sakeḍap ningali paḍusunan ing lengkèhing redi Sumbing. Sawenèh wonten ingkang ketingal pe ṭak déning ampak-ampak, sawenèh namung pating krompol kados tijang sami nḍoḍok ningali prijantun tiga ingkang wonten salebeting oto wau. Sakeḍap malih ningali raining ibunipun, ingkang ngenḍanu kados menḍung. Ing batos ngèsemi, déné sampun sepuh teka kirang sabar ing manah. Dangu-dangu kepéngin gineman, takèn dateng ibunipun:
"Bu, bu! Nuwun sèwu inggih bu! Ibu kok ngendikan klesak-klesik menika ngendika kalijan sinten ta, bu? Menapa saweg ndonga?” Anggènipun pitakèn makaten wau kalijan gumudjerig sarwi nutupi lambénipun mawi katju. Bapakipun njambeti kalijan mèsem :
"Nengna wé rak uwis ta Tin! Ibumu. kuwi lagi mudja semèdi,
kok.”
"Kowé mono Tin, botjah ora Djawa, wong kuwi rak ija sabisa-bisané, nenuwun menjang sing Gawé Urip ta.”
"O, inggih sukur ta bu!”
Ṭik-ṭiking sekon dados menit, klempaking menit dados djam. Sareng sampun sawetawis djam anggènipun wonten salabeting oto mogok ingkang kinepang pepeteng, grimis lan angin ngidit, dumadakan katjaning ténḍa ingkang wingking mak bjar, katingal paḍang.
Paḍangipun terus ḍateng katja ngadjeng, njrambahi salebeting oto. Sadaja sami nolèh ḍateng wingking. Ingkang wonten bak wingking ngindjen saking katja, ingkang wonten bak ngadjeng kapeksa manglung ḍateng djawi, nanging namung sakeḍap ladjeng mlebet malih, amargi sapisan ing djawi taksih grimis, kaping kalih silo déning soroting lentéra ingkang ḍateng.
Anakipun gugup, sandjan ḍateng bapakipun kalijan ketingal bingah ing manah : "Hla menika wonten oto mriki, pak!"
"Ija pak, djadjal dienḍeg, mbokmanawa taksi barang,”
"Ija, nanging kiraku dudu taksi, awit jèn taksi lumrahé lentérané
ora..............." Saweg dumugi samanten kapunggel déning suwara........ Hrrrrrrrrrr - Ssssssssst ! Oto wau kèndel ing wingking leres.
Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/60
Praèn
Kaca iki wis dikorèksi