Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

„Hem! Ibuné mono wasis jèn mung nutuh !”

Anakipun njelani: „Jah, ibu ki! Punapa inggih oto menika namung murugaken kasisahan tok ? Wong lagi sepisan wé dingendikaké akèh !”

„Lah ja kuwi Tin nèk ibumu.”

„Njatané nèk kaja ngéné iki prijé hara? Mangka nèng tengah bulak, wis djam setengah nem, katik atisé kaja ngéné. Gunung Sumbing wis kemul ampak-ampak, dalah ing Kléḍung ja wis mèh putih, ḍasar dalané sumengka, kok djebul otoné bobrok !”

„Jah ibuné ki ta! Rak ja lumrah ta jèn oto kuwi sok mogok, ora kok bandjur bobrok ngono. Iki rak mung saka ana adon-adon sing durung maṭuk utawa mlèsèt saka mesṭiné. Ana oto isih kintjling-kintjling ngéné djaré diarani bobrok !”

„Ingkang risak menika menapanipun ta pak? Mangké gèk dipun paéka ing sopir ingkang mentas medal menika.”

„Mèmperé ja ngono Tin, mung baé bapakmu ora priksa.”

„Hara ta ibuné kuwi, rak tanduk manèh olèhé nutuh.......! Nèk pangiraku wis ora. Sabab metuné kuwi djalaran ḍèwèké dadi lurah désa, tur manèh nèng djadjahanku, dadi mesṭiné ora gelem gawé wisuna menjang aku.”

„Ngono-ngonoa kaé njatané! Nèk kaja-ngéné iki bandjur prijé hara.”

,,Sawisé keprijé, lah ja kudu nrima! Mengko jèn ana oto saka Wanasaba, utawa saka Parakan sing wis ngglénḍang, ja pada nunggang kuwi waé."

„Inggih pak, terkadang mangké wonten saèstu, namung kémawon séwanipun inggih ladjeng awis.”

Ibunipun njambeti :

„Prakara laranging séwan kuwi dudu barang-barang, balik anané waé durung karuwan! Mangka dina iki ora kebener pasaran-Kreteg utawa Parakan, katik wis wajah ngéné, bisané ana saka ngendi?” Wedaling witjanten mekaten wau kanti sugal, mratandani saja sanget anjeling manahipun lan kados déné sampun telas pangadjeng-adjengipun.

Boten dangu ladjeng grimis. Anakipun alok:

„O, grimis, pak; mbok sampun mangga, lenggah nglebet kémawon, pak !”

„O, ha kok ija! Ja wis nrima disik!”

Prijantun wau ladjeng mlebet ing oto, linggih ing bak ngadjeng. Ingkang èstri njambeti kalijan sadjak mbéda.

„Hara ta rasakna! Ora grimis kuwi anaké sapa! Wong mendungé kaja ngana kandelé.” Tjarijos makaten wau kalijan mbenakaken rimongipun kanggé kuḍung lan kaubetaken ing gulu, ngantos rapet, kupingipun boten ketingal. Linggihipun manengah ladjeng sila. Makaten wau perlu kanggé namèngi pangamukipun hawa ingkang sakalangkung atis.

Mogoking oto wau wonten ing tengah-tengahing bulak, kaprenah sanganḍaping ḍusun Klédung. Déné Klédung punika dumunung ing papan ingkang inggil, kaleres èrèng-èrèngipun redi Sumbing lan Sindara, wonten saantawisipun Parakan (Temanggung) kalijan Kreteg

57