Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Baitanipun Kasan-Ngali lestantun kesangsang ing kadjeng ageng, kombak kombul ing toja, boten saged anguwalaken, djalaran welahipun itjal. Kalijan malih saupami boten mekatena, kados mutawatosi sanget, djalaran saged ugi kèrem ing sanalika, saupami katenḍang ing sarah utawi ketanggor ing kekadjengan. Wontena welahipun pisan tumunten kados punḍi anggenipun baḍé nglampahaken, tijang petengipun alimengan, djawahipun deres, anginipun banter sanget.

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
x Punika bena ageng ing tanah Banjumas kala taun 1861.

(Mrodjol selaning garu).


ХІІІ. ОТО MOGOK

„..............djuḍeg aku!" Punika angluhipun satunggaling prijantun, ngadeg, tjantjut, wonten ngiringanipun motoring oto, ingkang sampun kabikak tutupipun. Wironipun kablesekaken manginggil, ngantos tjlananipun katingal sakeḍik, djasipun sampun kabikak, kantun nganggé rangkepan. Patjaking baḍan matèntèng radi mbungkuk. Nering paningal tumudju ḍateng motoring oto. Sadjak migatosaken sanget ḍateng kawontenaning motor punika.

Nitik tètèsing kringetipun saking baṭuk tuwin saking gulu, dalah telesing rangkepan ingkang wingking, tjeṭa jèn prijantun wau sampun kapara dangu tumanḍang damel awrat. Saboten-botenipun inggih kaésuk ngongsronging manah.

Prijantun wau umuripun udakawis sèket taunan, nanging kabekta saking saéning baḍan, lan saged ugi saking anggenipun boten alitan manah, ketingalipun saweg umur kawandasa taunan.

Ing salebeting oto wau ingkang linggih ing bak wingking sisih kiwa, prijantun èstri, umur tigang dasa gangsalan taun; ingkang wonten sisih tengen ugi prijantun èstri watawis saweg pitulas taunan.

Mèmperipun prijantun èstri ingkang wonten sisih kiwa punika bodjonipun, ingkang wonten sisih tengen anakipun.

Ing salebetipun prijantun wau utek madosi ingkang ndjalari mogoking otonipun, ingkang èstri ketingal suntrut. Tanganipun tengen seḍakep, baḍan kasèndèkaken ing tjagaking ténda, sirahipun kabantalan tangan kiwa. Kados boten mokal jèn ta kawastanan saweg sisah manahipun.

Nanging anakipun boten mekaten. Linggihipun senḍèn, ketingal sadjak sasekétjanipun; sumèlèhing pasemon kénging dipun wastani mèsem adjegan. Tanganipun tansah ngolak-alik katjunipun sutra ingkang sinulam pèni.

Ngantos sawatawis dangu prijantun tetiga wau boten sami tjetjrijosan, dumaḍakan ingkang èstri sumela sandjang ḍateng ingkang djaler semu netah : „Ta, pak! Bijèn mula aku rak wis kanḍa, jèn wong ngingu oto iku akèh kasusahané !"

56