Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kreteg, kados grija badé rebah. Kasan-Ngali sampun itj i nginten menawi anak sémahipun sampun ngili palaka A ag ian: srantos angentosi. Ewasemanten dèrêng pitados, taksih djelah-djelih lumebet ing grija mak-makan anggrajangi samukawis, Sareng mlebet ing sentong. tanganipun njemak petèn, Ing sakala kèngetan, menawi

etèn wau isi sesimpenan barang pangaos, énggal dipun djundjung kadèkèkaken ing baita, Sareng sampun tita boten pinanggih, mangka toja sampun wates dada, trengginas numpak baita, dipun welahi. Sarèhning petengipun ndjlimet boten sumerep dateng pundi purugipun, asring medun, baitanipun katuntun, djalaran kerep ketanggor-tanggor ing kekadjengan. Purun-purun numpak sareng toja dumugi ing wates tenggak. Nanging manahipun sampun itjal, tjat ènget, tjat boten, dja- laran saking sangeting bingungipun: kèngetan dateng anak sémahipun. Djulalatan ngiwa nengen kados wonten ingkang dipun upadosi. La- "djeng tjeluk-tjeluk, gumremeng witjanten pijambak, sekedap. malih njebut sora, njuwun pangapunten.

Gebjaring kilat ingkang pantjènipun. saged tedah margi, malah njirnakaken angen-angenipun, djalaran samukawis ingkang ketingal, rumaosipun santun sipat angadjrih-adjrihi. Mila saben gebjar : ang- gènipun maos tangawud andjengèk sora, kalijan merem boten mentala ningali. Galegeking toja, jèn keleres sareng kalijan djedoting baita natab kekadjengan, kados tijang mbanting mungel: ,,Heeh”, saking gemesipun. Asring kémawon Kasan-Ngali kongseb tuwin kalenggak, déning itjaling kekijatan, kabekta saking susah. Tanganipun gura- gapan, ambengoki anak-sémahipun. Jèn sampun kèngetan, sebutipun andruwili. Sangsaja kagèt malih sareng baitanipun mradjang kadjeng rungkad. Saking santering toja, tjumloroting baita lumebet ing sela- selaning pangpangipun;, kados dipun balangaken. Kasan-Ngali kesem- pjok ing godong tuwin ketampeg. ing epang; dawah kalenggak, léndé- léndé sirahipun angsal katiring. baita, welahipun. mrutjut katjemplung ing toja, tanganipun babak bunjak kekalih pisan, saking sangeting sakit, kala ,,betipun”, sumaput ngantos. sawetawis dangu anggènipun, dawah. Sareng èngêt gereng-gerêng anggluruh sambatipun melas asih. Namung èngetipun ramjang-ramjang angantjik alam supena, Tangan- ipun ingkang kemeng awrat sanget Jèn ta kanggéa angglawalt, rumaos- ipun djimpé saweg mangku anakipun ingkang nembé pinanggih ka- entasaken saking toja mumpal-mumpal. Panggegesing manah kawedar ing supena ,,angguguk raosipun saweg neter angambungi anakipun.”

umijuting angin kepireng kados tangisipun ingkang èstri, ingkang ketingal gurawalan kapang-kapang lumadjeng angrubjuk ing toja san- ter, surawéan nêdya ngrangkul anakipun. Mingsering baita margi sa- king ingseding kadjeng kabekta ing toja, rumaosipun grijanipun badé rebah katempuh ing bandjir, énggal angangkat tanganipun, éstanipun kados tijang anjenjandangi, amargi supena anakipun ketjemplung ing toja, Ngantos sora anggènipun mungel : Anakku enggèr!” Anggèn- ipun mungel mekaten punika kalijan menjat tjekékalan, tanganipun surawéan anggrawuki ron. Ing sakala ngriku kèngetan sajektos. Sora anggènipun anjebut asmaning Pangéran, Ladjeng tumungkul nangis angguguk, karanta-ranta ing manah.

55