ting ketiplik badé sami ngaos, djalaran sampun tigang sonten djawah kémawon, dados namung sekedik laré ingkang sami mriku.
Sareng ragi terang, gumrudug kados dipun welingaken. Bakda sami makmum salat mahrib, ladjeng ramé pudji-pudjian sesarengan, swaranipun rampak minggah mandapipun, anenarik lamlaming manah. Ron pisang ingkang ragi sèngklèh katempuh ing angin, ébahipun kados tumut ḍikir ambagèkaken swaranipun pudji-pudjian. Taletoking toja djawah ing ron, pangraos atut runtut kalijan lagunipun pudji-pudjian. Mekaten ngantos dumugi mandjingipun salat ngisa. Bakdangisa ladjeng ramé pating tjrowèt sami ngapil-apilaken wutjalanipun, ingkang ngédja sami ngédja, ingkang ngaos kur'an sami anderes, namung laré alit-alit ingkang taksih ngaos apal-apalan, swaranipun pating djlerit dipun antep, ngantos ambrebegi. Ewa semanten swaranipun Kasan Ngali ingkang saweg mutjal inggih meksa katawis njelé sarta genah boten bawur kalijan laré-laré. Sekedap ndjengèk njentak, sekeḍap ngglajem, semunipun kados dipun sambi amanah prekawis sanès.
Wantjinipun sirep tijang, djawahipun deres malih. Saking agengipun ngantos kados dipun esokaken. Kasan-Ngali djaler èstri taksih linggih pating trenguk wonten ing ngambèn, njanḍing anakipun tilem. Pun Ngaisah linggih ing nganḍap léndéan saka, ngantuk teklak-ţekluk, dipun atag kapurih mapan, boten purun. Kasan-Ngali raosan mekaten: ,,Lah kijé embokné, ora pénaké omah nang pinggir kali. Wis pendak dina kijé ora bisa turu. Pidjer melang-melang baé".
„Nah enggih niku, sijèn mula kula edjak ngalih teng ḍusun, ngenggèni tilasé kjainé ngrika, lah sampéjan mopo. Nah enggih nèk ngoten niki krasané !"
Kasan-Ngali saweg kémawon kumetjap baḍé njauri ingkang èstri, kagèt ningali Ngaisah menjat kiprah-kiprah kalijan mungel : „O Allah banjuné mlebu, teles kabèh djarité !" Wewah-wewah mawi mireng tangganipun tjelak alok: ,,Bandjir. . . .. . .ban. . . . .bandjir tulung-tulung !"
Kasan Ngali trengginas angengak-engakaken kori, badé nuwèni ing djawi. Djoganing grija tojanipun sampun lambah-lambah. Wenganing kori sareng kalijan panjempjoking toja lumebet ing grija, pun Ngaisah mlumpat ing ngambèn njampé adjug-adjug, dawah dilahipun sirep. Kasan Ngali alok sora : „Wut, blai! Embokné, bopongen anakmu. Entènana nglawang kéné, tak-ndjupuk prau. Adja lunga-lunga disik lo !"
Kasan-Ngali muk-mukan bingung kesasar-sasar, anggluruh, mila Kasan Ngali medal angrubjuk, toja sampun sadengkul. Sarèhning peteng ndedet manah bingung, wah malih mireng swara pating glembor pating djlerit, kumrubjuk tijang sami ngili, wonten ingkang nangis, sambat anak bodjonipun, wonten ingkang anggluruh, milaḍap-keḍap dawah karéngkangan kaléjob ing toja. Ngantos dangu keanggènipun manggih baitanipun, tumanten dipun tuntun kabekta mantuk kalijan tjeluk-tjeluk : ,,Embokné, embokné.... embokné Sajidi ?!" Nanging boten wonten sabawanipun tijang mangsuli. Mangka toja sampun wates lakang. Swaraning tijang sesambat tuwin alok sampun angawis-awisi, namung wonten pating djareṭot pating
54