Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

arep nembung njilih adimu, ja ora kétang wis dakbedog disik. Mestiné dadi pangarep-ngarep ja Na, adimu mau?”

 „Inggih sawetawis pak, nanging boten dados punapa, tijang larénipun inggih asring dolan makslenter mekaten kémawon.”

 „Jati ki kok ora kétok! Rak ora ana apa-apa ta lé?”

 „Angsal paringipun pangèstu boten punapa-punapa pak ! Larénipun wonten ing wingking kalijan mbok Ta.”

 „Mbok Ta abdi lawas kaé apa? Ja sukur ta jèn isih setya.”

 „Sesampunipun gineman sawetawis ngrembag bab mawarni-warni, bapa pamanipun Prijanggana ladjeng pamitan wangsul, Ing grijanipun Prijanggana sampun sepen malih. Prijati sinau Perantjis, Prijana nguteg-uteg garapan ukur, déné kamasipun njrempeng nggarap bhinnéka. Muringipun dateng adinipun sampun itjal blas, ing batos malah ngalem adinipun, déné boten purun wewadul agengipun purik. Anggènipun késah wau inggih namung mligi ngésahi grija; inggih nama limrah, manah laré kedawahan srengen ladjeng késah sawetawis.”

 Djam setengah sedasa ing grijanipun Prijanggana sampun sepen. Adi-adinipun sampun dangu anggènipun mapan tilem, kantun Prijanggana pijambak ingkang taksih njambut damel njrempeng gambar bhinnéka. Ing manah radi kemrungsung, tijang sampun tanggal gangsal welas Agustus, katik taksih kirang tiga. Bawaning manah kemrungsung, badan kesel pikir sebel, lampahing pènsilipun rendet sanget. Raos-raos matjet tanpa angsal wewengan, dangu boten wonten kain-dakanipun. Awit saking sebeling manah Prijanggana malah ladjeng mapan tilem, sedaja garapan taksih kaglétakaken wonten ing mêdja, ing pangangkah dalunipun badé dipun wangsuli malih. Sakedap kémawon sampun wonten ing alam pengimpén, pules tilemipun.

 Ing salebeting ngimpi kados-kados adinipun djaler dados beban daning Welandi, nanging rahajunipun ladjeng kénging karebat malih, mila sanget ing bingahipun, kados-kados badé mbengok-bengoka awit saking bingahing manah. Wusana pijambakipun kagèt, nunten nglilir amargi mireng swanten watuk-watuk wonten ing kamar tengah. Prijanggana tangi alon-lonan, mlampah djindjit-djindjit murugi médja panjeratan, papanipun njambut damel. Kados punapa kémawon kagèt sarta gumunipun sareng njumerepi, bilih ingkang watuk-watuk wau adinipun wragil. Mila mekaten awit sareng sumerep bilih kamasipun sampun tilem kepatos, Prijana ladjeng ndjruntul dateng médja panjerataning kamasipun, tjeg njandak potlot lan mori ingkang gumlétak ing mêdja, ladjeng ureg-ureg ....... damel ngéngréngan bhinnéka. Nadyan mripatipun sampun arip, punapa déné malih anggènipun njorèk sadjak namung klajan sasekétjanipun kémawon, nanging lampahing pènsil kados sampun tjinitak, istingarah sadawah saha satjorèk-tjorèkipun sarwa kaleresan, amila sakedap kémawon sampun angsal ngéngréngan garuda kalih. Tjorèkanipun widjang, gambaring garuda ngengreng amrebawa, sampun djiblès gambaraning bapakipun rumijin.

 Prijanggana dangu ngadeg wonten ing wingkingipun, mèndel, boten mobah boten mosik, namung mripatipun ingkang ngetutaken lampahing tanganipun Prijana. Adinipun sekedik kémawon boten nglegéwa, jèn wonten ingkang nenggani, kala-kala watuk awit kala

51