Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

semanten asrepipun sanget. Sareng sampun sawetawis anggenipun nenggani, tanganipun Prijanggana ladjeng kumlawé alon-lonan, ing kang kiwa njepengi pundaking aḍinipun, ingkang tengen ngelus-elus sirah kalijan witjanten lirih „Wis Pri, mapana turu, sésuk kowé rak sekolah ta?"

Aḍinipun namung kèndel kémawon, keplasing pandulu tansah namataken kamasipun klajan ngemu adjrih, Ing telenging manikipun saged kawaos getering manah keduwung, medal saking manahing laré, taksih murni, resik wening. Prijanggana mangertos ḍateng maknanipun, wusana ladjeng kawedal tembungipun seret, sadjak sumumpel ing gulu ,,Gagé Pri, énggal turua, aku wis ora nesu ........... !"

Aḍinipun namung mèndel kémawon, ladjeng mlampah alon-lonan murugi papanipun tilem. Kamasipun ngetukaken, mrenahaken anggènipun tilem, mawi ngemuli punapa nganggé sarungipun pijambak, sarta ladjeng tenguk-tenguk linggih wonten ing sanḍingipun, nenggani anggènipun tilem, ngantos sawetawis.. Sareng sampun tjeṭa jèn aḍinipun sampun kepatos saweg kémawon purun sumingkir murugi kamaripun pijambak, mripat akatja-katja, manah mbeḍeḍeg ketjampuran raos keranta-ranta.

(Pradapa).

XII. KABENAN

Kaleres ing tengah-tengahing mangsa rendeng, djawahipun nggedjeg rinten dalu prasasat tanpa kèndel. Katah tijang ngresula déning teka boten kados adatipun. Boten sanès sababipun amargi saking tjugag lan kagoling pikadjengipun. Katjarijos sampun antawis tigang dinten tigang dalu djawahipun deres sanget tanpa menḍa. Tijang ing paḍekahanipun Ki Kasan Ngali ketingal tintrim sami mempen wonten ing grija amargi saking asrep bengkeresen, aras-arasen kumréngkang. Deresing djawah angwontenaken peḍut peteng ngantos njilepaken paningal. Sareng sampun pikantuk tigang dinten leres, ing wantji bakda asar namung kantun grimis kremun-kremun, nangingmendungipun taksih anggameng ngadjrih-adjrihi, langkung-langkung ing iring lèr wétan, langitipun ngendanu peteng kados baḍé nangkebnangkeba ing bumi: Kumruwuk swaraning djawah wonten katebihan, binarung gumalegaging benanipun lèpèn Seraju, adamel saja kekesing manahipun tijang ingkang dedunung urut sapinggiring lèpèn. Mila sok ugi wonten tijang ngengakaken kori, ingkang tjelak lèpèn namung ngungak, ingkang tebih nedja nuwèni. Ing wekdal punika ladjeng kepireng sambatipun tetijang ingkang sedih: ,,O Allah, apa arep kijamat apa pijé !" Sawenèh mungel: „Jatallah, udan kok ora terang-terang Namung laré-laré alit ingkang ketingal bingah ing latar, tjiprat-tjipratan atjikrak-tjikrak, pladjengan pating djlerit, kados kapal bigar mentas ontjat saking kereman. Tijang ingkang boten tégan ketak-keték anguwuh anakipun kapurih mantuk.

Kasan-Ngali ketingal medal saking grijanipun murugi ing pinggir lèpèn, kèndel sekedap, gèḍèg-gèḍèg ningali agenging toja sampun papar ḍaratan. Sakedap ningali lèpèn, sekedap njawang pémahanipun,

52