Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

haning Pangéran boten namung mandeg samanten kémawon. Menggah terangipun mekaten:

 Bapakipun Prijanggana punika rumijin satunggaling prijantun ingkang ahli gending saha sungging. Langkung-langkung gambaranipun ringgit dipun gandrungi tijang katah. Sambènipun nggambar saha njungging ringgit suka pamedal ageng dateng brajatipun, adamel djedjeging gesangipun. Satilaring bapa katah tijang nembung, murih kawit Prijanggana godjag-gadjeng, nanging danguning dangu tjobi-tjobi njorék gambar ringgit kados pakulaning bapa. Lan wohipun ...................? Prijanggana pijambak ndjenger kawon lan bapakipun prigelanipun. Tijang-tijang sami alok jèn boten kawon lan bapakipun. Sadaja sami ngalem anggénipun gesang. Gampilipun kémawon gambaripun Prijanggana dipun adjengi sanget, ngantos nampik-nampik pedamelan.

 Ngadjengaken pitulasan Agustus 1956 katah tijang ingkang ndandosaken bendéra, pandji saha gambar garuda (bhinneka). Wekdal sampun njlepeg, ndadak wonten gambar bhinneka ingkang dipun soki mangsi Prijana. Pramila boten anggumunaken jèn ing dinten punika Prijanggana muring-muring dateng adinipun, kasembuh Prijana pijambak wongsal-wangsul mbebéda mbakjunipun. Gampilipun Prijanggana kemuriten, itjal sabaripun, sarta ladjeng kumlawé tanganipun. Déné ladjenpipun ..... sampun tjeta, Prijana nangis, bibar nangis ladjeng mak klépat késah.... Wiwit sijang ngantos dumugi djam setengah pitu sonten punika dèrèng wonten ketingal wangsul.

 Nalika Prijanggana saweg deleg-deleg makatên punika kepireng wonten swanten kula nuwun; Prijanggana gita ngatjarani tamunipun: „Mangga Pak, kula aturi pinarak!“

 Ingkang dipun bagèkaken punika bapa pamanipun, grijanipun ing kampung Kepatihan Kilèn, datengipun klajan ngirid Prijana. Sesamipunipun tata linggih wonten ing kursi tamu ing pendapi, Prijanggana ngladjengaken tembungipun:

 „Sonten-sonten kok kepareng rawuh, wonten kersanipun punapa Bapak?”

 „Anu Na,” makaten wangsulanipun, „aku iku mau rak njandet adimu Prijana. Siré mono nggoné menjang nggonku rak mung sedéla, djaréné ja mung mligi tilik, réhné wis suwe ra sowan, ngono kandané. Djebul bandjur daksambat nganti tekan soré iki mau.”

 „Boten dados punapa Pak, uger larénipun saged kémawon, malah kaleresan; dipun dawuhi punapa?”

 „Ja kuwi durung dakomongké baé Na. Ibumu kuwi rak kepéngin mbatik Kakrasana lan Narajana, kanggo pasrén témbok. Mula bareng weruh klébaté adimu, djadjal-djadjal dakatag njoba njorék, wong aku déwé ra isa apa-apa. Djebul ora lidok! Tjekaké ...... urip tenan tangane adimu! Wis, djibles Kamas swargi, malah dakkira bésuk jén wis dadi, tjorékané luwih betjik adimu ketimbang Kamas bijén. Saiki isih ketara jén tangan botjah, kurang ngremit, nanging sing kaja ngono mau rak mung marga kurang latihan lan pakulinan. Mula botjahé daktjandet nganti sasoré bendé iki mau. Léhku mréné iki tjetaa mono rak

50