Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

nang tanpa mawi mawang tijang. Sok sintena asipat warga Indonesia, badéa pemuda utawi pemudi, anggota Tentara utawi P.M.I., uger kumliwer tentu dados lésaning mimis, langkung-langkung ingkang woten ing satjelakipun Paken-sekar. Inggih kala semanten punika adinipun Prijanggana anggènipun manggih tiwas, pedjah dipun sendjata ing wadya Welandi, awit kaleres wonten ing pos P.M.I. ing Kampung Kusumadiningratan sawétan Paken-sekar.

Boten let dangu sesampuning ibunipun ngadjal, gentos bapakipun ketjandak ing sakit sanget, wekasan ladjeng nusul ing djaman kalanggengan. Boten kotjap sedih saha anglesing manahipun ingkang sami katilar, pinetot ing katresnaning ibu, pineget ing pangajomaning bapa ; ing mangka kala semanten Prijati saweg ngumur 10 taun sarta Prijana 7 mlampah. Nadyan kapétang dèrèng djangkep ing umur, kala semanten Prijanggana ladjeng rumaos dados tijang sepuh ; nadyan asipat djaler, ladjeng rumaos dados ibu, nadyan taksih laré ladjeng kedadak dados bapak ; nadyan dèrèng naté njambut damel, tijang dasaripun laré kepama, ladjeng rumaos daja-daja énggala angsal panggaotan, awit dados saka guruning brajat. Prijanggana boten sambat boten ngresula, amargi ngrumaosi menawi kedah suka penglipur dateng adiadinipun.

Angsal kamirahaning Pangéran gesangipun Prijanggana saadiadinipun boten sanget-sanget kesrakat ; wonten-wonten kémawon Gusti Ingkang Maha Mirah anggènipun maringaken sih kawelasan. Ingkang anggumunaken punika déné karang kitrining pekawisanipun, ing salebetipun pensiuning bapa dèrèng mandap, ambijet wohipun, satemah kénging kanggé anjampeti betah saben dintenipun.

Prijanggana sakelangkung tresna saha gumatos dateng adi-adinipun. Katresnan saha gumatosipun nglangkungi katresnaning ibu, saha pandjaginipun dateng sadèrèk-sadèrèkipun ngeplegi pandjagining bapa. Adi-adinipun inggih sami ngrumaosi jèn sampun lola, rukun, nrimah tuwin mbangun turut dateng kamasipun. Neda kirang boten naté sambat, njandang nganggé lungsed, agengipun suwèk sewatawis boten naté ngresula. Boten kepénginan kados wataking laré alit, dateng tetingalan boten naté ketarik, tjekakipun namung sarwa mèndèl lan narimah. Kala-kala menawi kemasipun kaleres katingal sedih, deleg-deleg ngulir budi ngupados margi, kados pundi sagedipun damel senenging adi-adinipun, Prijati ladjeng sumela : ,,Mas Na kok susah, ana apa ta Mas ? Apa gerah ......... ? Apa mikir ........ anu-anuku .......... ? Aku ora luwé kok Mas ! Lan Prijana mau ja wis akèh lèhè mangan !"

Mireng tembung ingkang mekaten punika Prijanggana sanget keranta-ranta ing manah, gulu ngondok-ondok, kumedah-kedah mbrebel medal eluhipun. Ing batos sanget ing panuwunipun dateng ingkang Murbèng Gesang, mugi-mugi énggala gadah pamedal kénginga kanggé srana ngopèni adi-adinipun. Pijambakipun boten sambat, émut bilih bibar djawah temtu ladjeng terang, bibar peteng ladjeng padang.

Mèh sarengan lan mandaping pensiunipun bapa, Prijanggana angsal padamelan wonten ing Djawatan Sosial. Kados punapa kémawon bingahing manahipun boten saged kabèbèr ing ngriki. Malah kami-

49

PETIKAN MANTJA WARNA