„Wis setengah pitu ngéné Prijana apa durung mulih Ti ?”
„Durung kuwi Mas !”
„Menjang ngendi ta dolané ?”
„Ora ngerti aku, tangga-tangga kéné ija wis dakubres, nanging ora ana sing weruh”.
Mekaten pitakènipun Prijanggana dateng aḍinipun èstri nama Prijati. Prijanggana mèndel, manah-manah, ing batos sadjak getun déné ngantos kumlawé tanganipun, keladjeng purun nḍawahi tangan aḍinipun ingkang alit, nama Prijana. Ing kang sampun-sampun Prijanggana momong sanget dateng aḍi-aḍinipun, tijang dasaripun pantjèn sabar, sumepuh lan gumatos sanget. Dinten punika wau pijambakipun radi kemuriten, telas sabaripun. Menawi dipun manah mekaten pantjèn inggih aḍinipun pijambak ingkang kesangeten, tansah wonten-wonten kémawon pokalipun ingkang damel muringipun, malah mentas kémawon ngrisakaken gambar Bhinneka, ndadak mbebéda Prijati ngantos damel lan nangisipun.
Prijanggana mapan linggih wonten ing penḍapi, ḍeleg-ḍeleg, manah-manah lelampahanipun sampun lola, momong aḍi kekalih, ing kang ageng èstri nama Prijati, sekolah wonten ing klas I S.M.A./A., déné ingkang alit djaler, Prijana, wonten ing klas II S.M.P. Bapak saha ibunipun sampun boten wonten, anggènipun pinunḍut ing Pangéran mèh sarengan wekdalipun, sami déné ing salebetipun taun 1950. Ingkang ngrumijini ibunipun, awit saking nratab saha was ing manah ngémuti tiwasing anak kekalih. Anak ingkang pembadjeng makaten, inggih punika kamasipun Prijanggana, sampun nama genah pamuwungipun; malah èstunipun adamel agenging manah, amargi tiwas awit saking labuh nusa ndepani pradja. Ingkang damel atising manah punika rak anakipun ingkang angka tiga, inggih punika adinipun Prijanggana tjer, djer tilaripun amargi saking ambek sijaning wadya Welandi. Kala samanten kita Sala dipun broki ing tentaranipun Overste Slamet Rijadi, inggih punika ing wulan Agustus 1949. Minangka pamales ukum dateng para wira taruna anggota T.N.I. anggènipun sami kumawani saha kumawasa ngrebat kita, tentara Welandi bebasan ladjeng itjal kamanungsanipun, njendjata lan ngedrèl sawenang-we-
48