Kula mangertos punapa ingkang dados panguneg-uneging manahipun putra-putri kekalih wau. Ing batos kula ngalem sanget dateng tatag teteg sarta tadjeming polatan, ruruh, panggah boten kéguh ing gar-gering gudjeng mawantu-wantu ambal-ambalan. Sedjatosipun lutjonipun para putra-putra ingkang sami gajeng gegodjègan wau resik, babar pisan boten wonten ingkang tjengkah kalijan anggering tata-krami tuwin suba sita wétanan, utawi minggahipun malih ngantos keladuk kesupèn jèn ing satjelakipun ngriku wonten putri sesarengan kekésahan ; dados saupami putri kekalih wau ngantos boten saged ngampet gudjengipun, kados inggih boten nggumunaken sarta boten wonten awonipun. Nanging sadjakipun putra putri kekalih wau sami mangertos bilih lèdjeming polatan utawi keprodjoling èsem punika asring damel kutjeming sarira. Awis-awis ingkang mangertos saha saged tumindak makaten. Ingkang katah sami mirah ing gudjeng, kirang djatmika, polatan kirang ruruh sarta tadjem.
Tumraping laré èstri pantjèn katah sawan saha awisanipun. Keladuk ing gudjeng, kesoran ing pangandika, kekésahan pijambakan, punika sedaja asring nuwuhaken alangan ageng menggahing para putra-putri. Katah ingkang sami boten mangertos bilih kepara wingit lanwerit, kapeksanipun kepara njenjengit, punika malah dados pasrèn utami saha rerengganing putri Djawi. Langka ingkang saged kados sang Kusumaningdyah Banontjinawi :
putri éndah ing warna, prasadja ing busana, kaduk ruruh tadjempasemoné, ajem anteng polatané, djatmika solah bawané, datan rètjèh ing watjana, kepara wingit lan werit, éwa déné Radèn Ardjuna sor prebawa ..........
Makaten tjarijosipun ing padalangan. Mugi-mugi punika dadosa katja benggala sarta tepa palupi tumraping putra putri Djawi. Langkung-langkung ruruh djatmika sarta prasadja, punika mugi katanema wonten ing manahipun laré èstri, dadosa taneman èdi, pasrèn utami menggah ing kasusilan Djawi. Prasadja ing tembung, prasadja ing solah bawa, ing panganggé, tjekak ing samudajanipun. Sok sintena prasadja ing tembung, temtu inggih boten badé umuk, boten badé angkuh utawi anggep. Soka prasadja ing pangandika temtu sabar sarèh, burus sarta purun ngawon ing ginem. Ingkang prasadja ing solah bawa boten badé kumawasa kumedah-kedah ngeblak nélad lagak lagéjaning sanès bangsa, boten kasesa ngémba patjakaning tijang mantja, boten badé daja-daja niru padatan saha tata tjaraning bangsa ngamantja, jèn kamanah kirang laras lan raos wétanan.
Dèrèng dumugi anggèn kula ngenut lampahing gagasan, sepur sampun dumugi ing setasiun. Sepur mandeg, kula mandap. Ing salebetipun mlampah medal saking plataraning setasijun, manah kula kumedah-kedah nglambrang malih, gentos ngrembag bagéaning para muda. Nanging dèrèng ngantos angsal pantjataning rembag, kaselak angsal betjak.
(Pradapa).
((r|47}}