Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sampun kapratélakaken ing ngadjeng : Basa ngoko namung kanggé gineman padintenan wonten ing grija. Déné resmi utawi wonten panggénan umum, mawi basa krama.

Malah tembung kula, boten kénging dipun kramakaken : dalem, adalem, abdi dalem. Tjekap kula kémawon.

Bab mrasadjakaken unggah-ungguh punika wonten kepireng malih rembagipun golongan Katolik, Swara-tama. Katjarijos njuwun pamanggihipun tuwan Dr. Zoetmulder (samangké Mahaguru ing Gadjah Mada), wangsulanipun tuwan Dr. Zeotmulder ,,Manawi kula, prajogi tjara Djopati".

Wasana dèrèng wonten putusaning Panitya, kaselak gègèr perang donja ingkang kaping II, tanah Djawi kebrokan Djepang.

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

Sajembara karangan. Djawaran Kebudajaan/Tjabang Bag. Bahasa Jogjakarta 1958

X. KASUSILAN DJAWI

Kala semanten gerbong sepur ingkang kula tumpaki kepara kebak. Nadyan boten djedjel rijel kados kala ing djaman Djepang utawi kala djaman Republik 1945-1948, nanging tijang linggih ing bangku ladjuran sami ketingal èmpèt-èmpètan.

Boten tebih saking panggénan kula linggih wonten laré èstri kekalih udakawis murid S.M.A. utawi S.G.A Ing satjelakipun ngriku katah laré djaler, sami ngempal linggihipun. Kilap punapa ingkang karembag, nanging nitik gumering gudjeng, gar-ger ambal-ambalan, tjeta menawi rembagipun gajeng lan gobjos sanget. Wonten satunggal ingkang dasaripun tjutjut kasembuh baut mirjara ; lah inggih punika ingkang suka grengseng sarta damel gajeng anggènipun sami rerembagan. Boten pedot kapireng gudjeng kaworan panjengès dateng salah satunggaling putra wau. Sanèsipun ingkang sami mireng, ingkang leresipun boten sami tumut-tumut punapa-punapa, asring kémawon keprodjol èsemipun, malah katah ingkang ladjeng udu gudjeng.

Ing salebetipun gudjeng angombak toja ambal-ambalan wau, wonten ingkang tetep panggah, boten ketarik tumut udu èsem, sampun malih kok tumut gumudjeng. Linggihipun anteng, prasasat boten mobah boten mosik, keplasing paningal tumudju dateng buku bikakan kaadep ing pangkonipun. Gar-ger saha gumering gudjeng babar pisan boten angrégoni pandjingglengipun buku ingkang nembé kawaos. Nadyan kala mangsa ketawis menawi ing batos sami sadjak ketjipuhan, éwasemanten babasan salugut pinara sasra, boten ketawis jèn badé kegliwang tumut anggapé dateng gumering gudjeng. Menggah sedjatosipun sinten ta ingkang anteng ruruh tadjem polatanipun, boten mobah linggihipun punika ? Boten sanès inggih namung putri kekalih ingkang kula aturaken ing ngadjeng.


46