Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Para gagémbonging kamadjengan wau inggih ladjeng ngedagaken Panitya malih, pangarsanipun ugi Paheman Radya Pustaka ing Surakarta ; warganipun para wakil utawi utusanipun karadjan-karadjan saha gegrombolaning kasusastran. Wosipun badé niti priksa sabab-sababipun basa Djawi ngantos kesingkur ; saladjengipun tumunten badé ngéwahi, ndandosi basa Djawi, ingkang ngantos saged mekar malih.

 Mireng badé ada-adanipun panitya mekaten punika, katah para sepuh pamanggih kina ingkang suka pepènget kanti ......... pangadjrih-adjrih, gemblenging tembungipun : ,,Tembung Djawi dalah aksaranipun punika tilaranipun tijang kina. Satunggal-tunggaling tembung punika isi kadjeng ingkang lebet. Satunggal-tunggaling aksara, tjorèkipun wonten kadjeng ingkang sinandi, boten béda kalijan alif aksara Arab. Mila sampun ngantos dipun éwah-éwah, malati.

 Nanging pamanggih makaten punika ladjeng gampil dipun saponi déning nénéman ahli sastra, sedjarah saha kawruh kina, sarana katrangan makaten :

 ,,Basa saha seratan Djawi punika damelanipun tijang kina. Leres ! Nanging ingkang dipun wastani kina punika djaman kala punapa ? Amargi Kartasura, Mataram, Madjapahit, djaman purwa inggih kina. Upami ingkang jasa aksara saha basa Djawi punika para déwa, para resi lan pandjenenganing nata ing djaman Djenggala ; nanging dumuginipun djaman Madjapahit, teka tetijang boten ngertos saha boten saged maos jajasan wau ? Katjarijos djalaran sampun dipun-éwahi, dipun-bangun, dipun dandosi saking sakedik pados prajogi saha saénipun. Dados tegesipun basa lan aksara punika dumuginipun sapunika sampun dipun éwahi wongsal-wangsul.

 Manawi ingkang sampun-sampun tetijang wani ngéwahi, kénging punapa tijang djaman sapunika boten kénging utawi boten wani ngéwahi. Tembung kuwalat malah dados witjaksana, sumerep ing prelu, ngertos dateng lampahing djaman".

 Panitya kalampahan ngadeg. Gampilanipun, sesampunipun mupakatan ngakeni angèl lan pakèwedipun bab unggah-ungguh, prelu kedah dipun-prasadjakaken, para warga bibaran, badé rembagan kalijan golonganipun pijambak-pijambak rumijin.

 Ingkang kepareng ramé rembagipun punika grombolan kasusastran Mangkunegaran, amargi ingkang djumeneng kapareng tumut njarirani parepatan pijambak.

 Rembag ingkang perlu : Bab mrasadjakaken unggah-ungguhing basa punika sakawit namung kadamel ngoko lan krama-inggik, dados manawi witjantenan dateng tijang ingkang perlu dipun adjèni, makaten upaminipun :

 Apa sariramu mengko sida tindak menjang Ngajogja ; titih apa, njaré apa ora ?

 Kalampahan dipun tjobi. Sdr. Mr. Daljana ingkang nalika samanten suwita wonten Mangkunegaran, ngedalaken kalawarti mawi basa ngoko.

 Sanès wulan Ki Adjar Dewantara sowan dateng Mangkunegaran. Sesorah bab mrasadjakaken basa Djawi. Ing Mangkunegaran ladjeng damel putusan, kaundangaken medal pepréntahan, kados ingkang

45