dap punika kadamelaken tulada ukara njatunggal, miturut buku ,,Warna basa" karanganipun Ki Padmususastra.
Tembung ngoko, petjah dados :
1. Ngoko lugu :
Kowé muliha disik.
2. Antya basa :
Sariramu tak-aturi kondur disik.
3. Basa antya :
Sariramu takaturi kondur rumijin.
Tembung krama :
1. Wreda krama :
Milané pun anak mlebet ing nagari, punapa wonten karsané kang prelu. (Ater-ater di saha panambang-é,-aké,-né, boten dipun kramakaken).
2. Muda krama :
Mangké manawi pandjenengan kondur, kula badé ndérék njarengi.
3. Kramatara :
Mangké manawi sampéjan mantuk, kula badé tumut njarengi.
Tembung madya petjah dados :
1. Madya ngoko :
Dika napa arep?
2. Madya krama :
Sampéjan napa kersa ?
3. Madyantara :
Lo, si paman ! Kang sarira wau saka ing pudi déné awan-awan?
Tjekap semanten andaran bab angèl saha ruwedipun basa ingkang badé saha dipun-anggep damel pakèwed, saha rekaosipun bangsa Djawi ingkang migunakaken basa wau.
Makaten punika ugi ladjeng dados pamanahipun para gegémbonging kamadjengan. Witikna kados pundi, manawi satunggaling bangsa njingkur, agengipun ngantos ngemohi basanipun pijambak ? Langkung malih ingatasipun basa Djawi, basa ingkang sampun inggil kabudajanipun. Maèwu-èwu buku Djawi ngemot kawruh lair batos, ingkang kina-kina saha ingkang énggal-énggal.
Bangsa Djawi ingkang nular basa Djawi, mesti ladjeng boten saged ngangsu kawruh saking buku-buku wau, temahan kemadjenganipun badé mundur pinten-pinten taun, amargi sanadjan mempenga pangudinipun kawruh mawi basanipun énggal, ingkang ngéngingi kabatosan lan kabudajan, mesti boten laras kalijan kodratipun lair dados tijang Djawi wonten ing masarakat Djawi.
44