Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
  1. Nèk dika sida lunga, numpak kapalé sinten ?
  2. Manawi pandjenengan saèstu tindak, nitih kapalipun sinten ?

 Tembung krama inggil ing angka 5 namung kanggé ngalusaken tembung krama. Punika basanipun para nénéman ḍateng para sepuh, utawi sor-soran ḍateng inggil-inggilanipun.

 Tembung krama ingkang mawi krama inggil makaten punika dipun wastani: Muḍa krama.

 Déné ukara angka 5 punika manawi kadamel krama inggil sewetahipun, dados: Manawi pandjenengan dalem saèstu teḍak nitih kapalipun sinten ?

 Punika kanggé basa ḍateng para prajagung bupati-anom minggah, sarta santana dalem bujut (grad 3) minggah.

 Njelani tjarijos salah satunggiling pakèwed.

 Tetepangan kalijan saḍèrèk énggal, utawi gaḍah perlu badé pinanggih pangageng ingkang dèrèng naté sumerep prijantunipun, punika asring pakèwed anggènipun baḍé nandukaken basa, punapa krama wantah, punapa krama inggil, punapa mawi dalem-dalem sesambatipun? Upaminipun makaten:

 Gaḍah perlu baḍé rembagan kalijan satunggiling prajagung-pangkat bupati. Sampun mangretos bilih mangké mawi basa krama inggil, dalem-dalem. Ndjudjug ing kantor, ingkang lenggah ing ngriku prijantun bregas, sembada dipun kinten punika ingkang bupati, hla dipun basani dalem-dalem. Djebul punika namung mantrinipun Kabupatèn. Boten dados punapa, setun namung dipun gegudjeng anggènipun ketjélik.

 Sareng ngantos, dados prakawis ? Makaten:

 Wonten prijantun énggal, pangkatipun tjekapan, gaḍah perlu baḍé pinanggih satunggaling pangéran ; sowan ḍateng dalemipun. Ingkang pinanggih wonten ngadjengan : tijang namung sarungan kasuwelaken, ḍawul-ḍawul boten mèmper. Mila dipun kinten abdi (batur), dipun takèni mawi basa ngoko :

 ,,Hé, apa Kangdjeng ana ing dalem ?"

 Boten nginten babar pisan bilih tijang wau putranipun Kangdjeng Pangéran, sampun apangkat rija. Sanalika maṭènṭèng kalijan mangsuli sengak :

 ,,Anggepmu apa ora basa hè ? !”

 Hla dados prakawis ngantos gigat-gigatan.

 Bab unggah-ungguhing basa punika dèrèng rampung namung 5 prakawis kasebut nginggil, wonten malih basa kaḍaton. Para ganḍèk punika manawi aḍeḍawuh taksih mawi basa kaḍaton :

 ,,Manira puniki besaos” = aku iki baé.

 Basa kadaton sawatawis kadosta :

 Enggèh (inggih) — seta (dojan) — kadi pundi (kados pundi) — ḍawak (déwé) — pakenira (kowé, ko) — modjar (tjarijos) sapanunggilanipun.

 Kadjawi punika tembung ngoko, krama saha madya punika petjah-petjah malih dados nigang warni, manut tjamboranipun basa, unggah-ungguh sanèsipun. Supados katingal béda-bédanipun, ing ngan-

43