Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Déné ingkang dipun wastani tembung krama dusun punika, kadjawi mawi tembung-tembung kados inginggil, tjéngkokipun mèmper tembung madya, sarta ugi wonten tembung-tembung sawatawis, kadjengipun tembung krama, kadosta :

Sembados, kadjengipun sembada.

wutjalan, kadjengipun wulangan.

wedos, kadjengipun wedi.

sapanunggilanipun.

4. TEMBUNG MADYA

Tembung madya punika ing antawisipun ngoko kalijan krama, dipun pigunakaken tijang ngadjèni sanget-sanget inggih boten, boten sanget-sanget ngantos mawi basa ngoko, ugi boten.

Upaminipun satunggiling asistèn-wadana :

Dateng lurah-lurah ingkang langkung sepuh tur sadjak mrijantuni, badé nanduki basa ngoko : pakéwed ; badé mawi krama, ing manah boten kedugi ; lah punika ladjeng mawi basa madya.

Basanipun boten katah, kadosta :

Dika —— ampun (adja) —— empun (wis) —— kepripun —— krijin —— niki, nika, niku, —— samang pendet (kodjupuk) mekoten, sapanunggilanipun.

Tjak-tjakanipun : é, aké, né, sarta ater-ater di, boten dipungkramakaken. Upaminipun :

Dika adjeng dibektakaké sawung kalih.

Niki mengké samang sukakaké sémah dika.

Empun ta, empun, wajah ngèten niki betjiké mantuk mawon.

5. TEMBUNG KRAMA INGGIL

Tembungipun ingkang adakan kanggé, dalah laré-laré mèh apal, watawis wonten 100 warni ; ingkang awis-awis kanggé kirang saking samanten.

Ingkang adakan kanggé wau kadosta :

Dahar —— saré —— wungu —— tindak —— asta —— mustaka —— tutuk —— réma —— rais —— mundut —— sapanunggilanipun.

Ingkang awis-awis kanggé upaminipun.

Pranadja —— sundulan (embun-embunan) —— tembung (tjameti) —— ngulik (métani) —— megeng (njapih), sesaminipun.

Gampil ngepalaken tembung krama inggil ; namung panganggénipun karep wonten pakèwedipun. Ing wingking badé kapratélakaken.

Amrih tjeta saha katinggal béda-bédanipun, unggah-ungguh 5 warni punika prajogi kadamelaken ukara tjekak, kadjèdjèr urut-urutanipun : 1). ngoko, 2). krama, 3). krama dusun, 4). madya, 5). krama inggil. Makaten :

1. Manawa kowé sida lunga nunggang djarané sapa ?

2. Manawi sampéjan saèstu késah numpak kapalipun sinten ?

3. Menawi sampéjan sijos késah, numpak kèpèlipun sinten ?

42