Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Katjarijos, tuwuhipun tembung krama punika miturut katranganipun Prof. C. Berg, bribik-bribik wiwit ing djaman Demak.

Ing djaman Mataram (Sultan Agungan?) dipun santosani wontenipun. Ing panginten, para ingkang kapatah ing damel, boten kirang kangélan anggènipun pados kramanipun satunggal-satunggalipun tembung; pakèwed pandamelipun waton, trekaḍang nempuh ingkang aneh-aneh kados babadipun tembung, ,,kuda, djaran-kapal", kados ingkang sampun kapratélakaken ing ngadjeng.

Samangké pangalaman angèlipun mulangaken tembung krama, ingkang aneh-anèh terkadang lutju, kadosta :

Wonten ingkang gampil:

Tembung ingkang wekasanipun ti, kramanipun tos.

Djati — djatos.
gemati — gematos.
piranti — pirantos.
Nanging : mati — pedjah, boten matos.
Nanging malih : kepati — kepatos (Tilem kepatos).
Prihatin — prihatos.

Ula kramanipun punapa? Katrangan saking Prof. C. Berg malih: Sasampunipun madosaken kramanipun ula ing sawatawis dinten, dumadakan wonten wanita, sengkangipun pinudju dipun dandosaken; bolonganing kuping nganggé uwer, inggih punika djanur dipun leker-leker, punika uweripun ḍawah, kumlawèr. Mangka ula punika damelipun ngleker kados uwer. Tembung uwer saking wod: wer. Wiwit punika ula dipun kramakaken sawer.

Baé kramanipun kados pundi? Kasambutaken rumijin tembung Kawi utawi Sangsekreta, dados kéwala, gampil dipun kramakaken kémawon.

Tjalatu = witjara, — witjanten.
golèk = upaja, — upados.
asu, bangsanipun srenggala — segawon.

Taksih kaṭah panunggilanipun, angèl anggènipun damel wewaton, mangka kadjengipun satunggal-satunggaling tembung ngoko kedah wonten kramanipun.

Déné manawi kepeksa boten saged, inggih kadamel krama-ngoko, tegesipun kramanipun inggih ngokonipun, kadosta :

peteng — padang — rosa — woh — pentil — sapanunggilanipun.

3. tembung krama dusun

Djalaran saking angèlipun madosi tembung krama, boten saḍéngah tijang saged mumpuni, punapa malih para saḍèrèk paḍusunan, manawi djèni dipun djak ngendikan para pengageng, saking anggènipun baḍé ngajèni, malah gugup anggènipun pados tembung krama. Sampun dados tembung krama dipun kramakaken malih. Kadosta :

Djaran — kapal — kèpèl.
udan — djawah — djawuh.
djeneng — nama — nami.

41