Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

adalem kula utawi adalem, ugi kasuwak, tjekap kula kémawon.

Ngrembag basa Djawi, ingkang dados pamanahan punika menggah ing lair, kawon balapipun kalijan basa Walandi. Wonten leresipun dipun wastani : Ora paju dol-dolané.

Dalah rembagan Pamoring kawula gusti, ngangkah raket rukun mamrih santosa, minangka sarana ndjundjung dradjating bangsa ngudi kamardikan, ketingalipun teka basa Djawi katut ngalang-alangi, prakawis tembung dalem.

Dèrèng tjekap samanten, ing wingking taksih wonten rembag angèlipun basa Djawi.

ANGELIPUN BASA DJAWI

Ing taun 1930 para muda ingkang saged tjara Walandi, ing pawitjantenan saben dintenipun, migunakaken basa Walandi ; sakawit kanggé ngulinakaken, dangu-dangu dados kalimrahan, katjarijosaken witjantenan mawi basa Walandi punika langkung mardika, boten kekatahen unggah-ungguh, ndjalari langkung rumaket, sumanak.

Sareng pakempalanipun para muda ,,Jong Java santun dados Indonesia-Muda, warganipun kénging bangsa-bangsa saindengipun Indonesia, pawitjantenanipun para muda mawi basa Walandi utawi basa Indonesia.

Nalika samanten sampun katah para muda Djawi wedalan pamulangan luhur, dipun takèni punapa kèngetan basanipun Djawi, wangsulanipun kirang langkung makaten :

,,Pantjènipun kula sampun gadah remen dateng basa Djawi. Wiwit alit kula sekolah Walandi, boten naté kambetan piwulang basa Djawi. Saged kula tjara Djawi namung saking kulina witjantenan kalijan para réntjang wonten ing grija. Saladjengipun kula sekolah dateng nagari Walandi, ngantos angsal sebutan Mr.

Kula sampun naté sinau tjara Djai dateng pak Mantriguru. Saweg dipun terangaken bab unggah-ungguhing basa, kula rumaos wegah, angèl temen. Kalijan malih kok makaten punika, gèk kanggénipun punapa ? Rak sampun boten laras kalijan djamanipun. Njarengi katahing padamelan, kula ladjeng neda kèndel boten sinau basa Djawi ; sapriki boten kober-kober badé sinau malih ..........."

Bab angèlipun basa Djawi punika, sinten-sintena ingkang kulina mulang basa Djawi dateng Walandi utawi tijang mantja panunggilanipun, mesti mastani bilih angèl sajektos. Tjobi dipun-ontjèki sawatawis bab unggah-ungguh kémawon :

1. TEMBUNG NGOKO, punika basa baku, upaminipun :

Aku, obah, dalan, pangan.

2. TEMBUNG KRAMA, basa ingkang taklim :

kula, ébah, margi, teda.

40