Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Panitya Kabangsan (Komité Nasional) punika naté damel parepatan wonten ing Surakarta. Putusaning rembag ingkang perlu kapratélakaken ing ngriki : para luhur saha santananing ratu punika kedah ngraketi rakjat, katingala dados satunggal.

Bibar makaten punika sanés wulan pantjèn wonten sesorah bab ,,pamoring kawula gusti". Suraosipun : para gusti (para luhur, pangageng, para darah) sampun wiwit tumelung nedya gegandèngan kalijan para kawula. Mila para kawula inggih nglanggatana.

Manawi pamoring kawula-gusti sampun kalampahan, saèstu badé santosa, minangka sarana ndjundjung daradjating bangsa.

Adjak-adjak makaten punika dumuginipun para ingkang saged tjara Walandi, wedalan H.I.S., Mulo, A.M.S., dumuginipun para ingkang sawed dados mahasiswa, sakawit katingal adamel pakèwed. Dangu-dangu sareng dipun pèpètaken kaadjak pinanggih para gusti, wangsulanipun : ,,Wegah, mundak tiwas olèh sesiku ora bisa laku dodok, lan dièsemi ora bisa dalem-dalem !"

Pantjèn praktikipun kados mekaten punika ! Saja para luhur ingkang boten nggalih kamardikan, manawi kataman klinta-klintuning tata krama, gampil sanget ndawahaken sesiku. Klintuning basa, dipun gegudjeng.

Ingkang adakan punika panganggénipun tembung dalem. Para emban, inja, para njai saha abdi ingkang ketjelak pijambak kalijan para luhur, panganggénipun tembung dalem kaanggep ngokonipun aku ; upaminipun :

Dalem njuwun pamit,

Dalem dèrèng naté sumerep.

Sumebaripun ing djawi, ngakatah ladjeng tiru-tiru basanipun para njai. Mangka dalem punika ngokonipun panambang mu.

Upaminipun :

asta dalem reged = tanganmu.

abdi dalem = baturmu.

raji dalem = adimu utawi bodjomu.

Upami wonten nénéman kepanggih prijagung luhur, kadangu : ,, Rupamu ko mèmper Gitawatjana !"

Wangsulanipun : ,,Inggih, Gitawatjana punika bapak dalem".

Hla, klintu ! Dipun èsemi, dipun gegudjeng !

Leresipun aku (tijang kapisan) punika kramanipun : abdi-dalem kula (dados tijang katiga), katjekak adalem kula utawi adalem kémawon.

Aku kepéngin mèlu = adalem kepéngin ndèrèk

Omahmu adoh = grijanipun adalem tebih.

Bodjomu wis mangkat disik, mengko bodjoku nusul = garwa (raji) dalem sampun tindak rumijin ; mangké sémahipun adalem nusul.

Makaten gawat utawi angèlipun basa mawi tembung dalem. Mila njarengi pamasésanipun ing basa. Paréntah Mangkunagaran, ing taun 1940, tembung dalem ingkan ateges kula punika ugi dipun plaksana " boten kénging dipun anggé. Makaten ugi tembung abdi dalem kula,

39