Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

blandja 10 rupijah sewulan, malah ladjeng tampi wewahan 15 rupijah adjining diploma H.I.S.

Ngakaṭah ladjeng saged nggambar, kados pundi raosipun djuru serat pembantu ingkang sampun njambut damel lan magang 10 taun, ingkang sagedipun namung tjara Djawi.

Raos-rumaos makaten punika ngantos dumugi ing taun 1920.

Raos-rumaos utawi kamèrèn boten susah kamanah, djalaran tarung kalijan sanak pijambak, saboten-botenipun inggih bangsa pijambak, nanging ingkang dados korban punika basa Djawi.

Njandak taun 1920, laré-laré tamatan H.I.S. ingkang ladjeng boten njambut damel, manawi baḍé ngladjengaken sinau, kaṭah marginipun, kadosta dateng:

MULO, pamulangan tjalon opsihter bagéan jejasan, bagéan ilèn-ilèn toja saha bagéan mesin-mesin.

Kultir, pamulangan tetanèn saha babagan wana.

Saha sanès-sanèsipun malih, ingkang satamatipun ladjeng gaḍah pangkat kados Walandi, blandjanipun tikel tinimbang pangkat Djawi.

Nènèman wedalan MULO, manawi ladjeng njambut-damel, tjara Kasunanan Surakarta, diplomanipun dipun adjèni 30 rupijah. Dados upami saweg dados djuru-serat blandja 15 rupijah, tampinipun 45 rupijah sawulan.

Saking MULO ngladjengaken ḍateng pamulangan tengah A.M.S. 3 taun. Medal saking A.M.S. manawi purun njambut damel, sampun wonten gaḍanganipun blandja 100 sawulan.

Wongsal-wangsul njarijosaken balandja, sasat sadaja mawi ukuran arta. Pantjèn! Nalika samanten néḍéng-néḍéngipun sugih betah; kabetahan lair kepara ngadjeng. Ḍasar nalika samanten kaṭah lan pepak sanget pepénginan, kadosta: ingkang awudjud panganggé warni-warni bebadénipun ladjeng kadadosaken kemédja, dasi lempit lan dasi pandjang; topi sawarnining modèl topi; manṭol saha djas hudjan saben tijang mbetahaken.

Saking banteripun mbudjeng makaten wau, ngantos kasupèn migatosaken basa saha kabudajanipun. Inggih boten sadaja kados makaten, tanḍanipun para muḍa ingkang saged tjara Walandi, ngedegaken pakempalan nama Jong Java, punika pakempalan kabangsan.

Para djedjenggul sepuh ngwontenaken konggrès kabudajan, sarta ing taun 1924 ngwontenaken konggrès basa; éwa samanten ugi boten dados palijasing kala benḍu.

Njarengi kala mangsa, para gegémbong saha ahli politik, ing batos saha kanṭi lampah kendel-kèndelan, ngudi kamardikan. gaḍah pamanggih, bilih bangsa Indonesia umumipun, bangsa Djawi chususipun, boten sajuk rukun dados satunggal, saéstu boten gampil nggajuh kamardikan. Menggah ing bangsa Djawi pijambak, bangsa luhur kalijan rakjat limrah punika tebih sanget reraketanipun. Wosipun ladjeng wonten Panitya Kabangsan; warganipun pakempalan ingkang ageng-ageng, Budi Utama, Sarékat Islam, Narpa Wandawa, inggih punika pakem-palanipun para santana kraton Surakarta; pakempalan Darah Mangkunegaran, sarta sanèsipun malih saking Ngajogjakarta.

38