Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

lang-piwulang saha tjarijosipun wajang sapanunggilanipun. Ing djaman wau ugi wiwit wedalipun serat kabar saha kalawarti; ing saben taun maéwu-éwu sumebaripun almenak basa Djawi; Paréntah Walandi bribik-bribik ngadani Balé Pustaka; kaṭahipun tijang marsudi basa Djawi saja minḍak-minḍak. Kados makaten punika ngantos ngantjik ing kawitanipun abad ingkang kaping 20.

Ing pamanggih, salebaripun kraton Mataram sapriki, inggih ing djaman wau mekar-mekaripun basa Djawi (Sasampunipun 1855 dumugi watawis ing taun 1912). Samangké wiwit mawas ing mangsa sampun njelaki taun 1920.

Ing semu teka wiwit wonten raos-raos ingkang boten sakétja, kadosta: Awit saking ada-adanipun Paréntah Walandi damel Balé Pustaka punika djebul ladjeng kaṭah buku-buku Djawi ingkang kaserat mawi aksara Latin. Pantjèn Paréntah nijat mlaksana, dalah pamulangan-pamulangan ugi dipun-ḍawuhi, supados laré-laré kawulang basa Djawi kaserat Latin. Bab punika dados rembag ramé, wonten ingkang gaḍah panḍakwa, bilih Paréntah Walandi baḍé medjahi basa Djawi.

Para saged Djawi mastani boten dados punapa, nanging ngakatah sampun kaladjeng gela, malah dumugi sapunika, taksih kaṭah bangsa Djawi ingkang rumaos wegah maos buku Djawi kaserat ing aksara Latin, langkung malih ingkang mawi tembang, boten rila sanget kaserat mawi aksara Latin.

Ing taun 1912 pamulangan rakjat angka I wiwit mawi wulangan basa Walandi, malah ing taun 1914 sadaja pamulangan wau kadadosaken H.I.S., inggih punika pamulangan Walandi-Djawi. Ugi ing wektu punika wontenipun pamasésa, wulangan basa Djawi dipun kawonaken kalijan tjara Walandi, liripun: bidjinipun murid ing basa Djawi angsala 8 utawi langkung, manawi bidjinipun tjara Walandi kirang saking 5, murid wau boten kainggahaken klas utawi tamat pasinaonipun.

Kados makaten punika para ingkang tresna ḍateng basa Djawi mesṭi mlenggong, nanging ingkang manah ḍateng panggesangan, mangajubagja sanget madjengipun basa Walandi, amargi nalika samanten pantjèn dados dedamel ageng, sinten ingkang saged basa Walandi, gampil sanget angsal panggesangan.

Para murid sami sengkud pasinaonipun, nanging limrahipun ladjeng boten nggatosaken dateng wulangan basa Djawi, ngantos wonten guru basa Djawi ingkang sambat, djalaran rumaos dipun sapèlèkaken. dipun wastani; „Tjara Djawa ora paju dol-dolané. Wa gembung didol Pa' pintjang, sabribil 3".

Menggah babaranipun laré-laré saking H.I.S. ndemenakaken, medal djedul boten susah magang, ladjeng saged dados punggawaning Nagari, blandja pantes.

Perlu njelani rembag bab panggesangan, amargi wonten gajutanipun kalijan bab basa, malah ugi ngéngingi kabudajan, makaten:

Nalika samanten ngakaṭah — langkung malih ing Surakarta — sami taksih gaḍah panganggep, bilih mulja sarta sakétja-sakétjanipun ngagesang punika, boten kados tijang dados prijantun; punika kedah dipun saranani magang, ngréntjangi ngiras sinau njambut damel, boten

36