Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

tampi pituwas punapa-punapa. Dangunipun watawis 5—6 taun, terkadang ngantos 10 taun dèrèng tumandja.

Para ingkang gegrija tebih saking kiṭa, sarana monḍok-monḍok. Sadaja wragad pijambak saking tijang sepuhipun, Ing kiṭa Surakarta atusan para mula ingkang sami magang, wonten ing kraton, kantor Kapatihan, kantor Kadipatèn saha Kabupatèn sanèsipun.

Saweg ḍatengipun kémawon, para muḍa punika sampun kedah ngrepèpèh-ngrepèpèh sumerep ing tatakrama, amargi sanguning batos: kedah anḍapasor; saged ngétjani tyasing sesami; saged nudju prana inggil-inggilanipun. Sawenèh wonten nènèman ingkang nalika pangkatipun, turut margi ngapalaken uran-uran welinganipun ngasepuh makaten: (tembang Ḍanḍanggula 2 pada karingkes dados 1, menḍet sarinipun.)

  1. Pawitané wong urip puniki, pan sadasa lamun tan bisaa,
  2. nista kutjiwa dadiné,
  3. ḍingin karem ing ngèlmu,
  4. kaping kalih bisa angadji,
  5. ping tiga bisa matja,
  6. ping sakawanipun,
  7. limpat pasanging grahita,
  8. wruh sasmita trapsila akrama niti,
  9. budaja miwah sastra.

Pramila salebetipun magang wau, para muḍa gesang wonten ing kiṭa ageng, kaṭah srawunganipun, gampil ngiras marsudi bab warni- warni, upaminipun:

  1. Ngudi lemes luwesing trapsila saha tatakrama.
  2. Marsudi kawruh sarta ngèlmu warni-warni lair batos.
  3. Matengaken basa Djawi, maos saha kasusastran.

Tansah mulat saha nitèni lelèdjeming polatan inggil-inggilanipun, ngantos limpat ḍateng pasanging grahita; sampun malih ingkang tineḍah sarana tembung, saweg dipun kedèpi kémawon, sampun ngretos dateng sasmita punika.

Tjekakipun djalaran saking sugih srawungan wau, prasasat mbek-sa, nggérong sarta kabudajan sanèsipun, kalijan mlampah saged pijambak. Dados magang punika ugi wonten saénipun. Ratjakipun manawi pamagangipun punika sampun 5—6 taun, ladjeng katetepaken dados djadjar, blandja 6 rupiah sawulan; tiga kawan taun malih djangkep 10 taun, dados djuru serat pembantu: 10 rupijah.

Lah punika prijantun sagedipun namung tjara Djawi. Tata krama djangkep, sakeḍik-sakeḍik ngertos ḍateng kabudajan, ingkang prelu saged gesang kalijan masarakat.

Samangké dipun tanḍing kalijan laré wedalan H.I.S. Medal djeḍul tanpa magang, ladjeng katetepaken dados punggawaning Nagari, upaminipun wonten ing kantor pos, ladjeng gadah blandja 30 rupijah. Tjara Kepatihan Surakarta, laré wedalan H.I.S. djedul bebasan dèrèng saged sila, njerat Djawi dèrèng djangkep, dados djuru serat pembantu

37