Bangsa boten saged ngekahi kalenggahaning kabudajan, terus apes, mlepes tanpa daja dumugi ḍasaring siti, kadosta ingkang awudjud seni, seni tari, seni drama, seni ḍalang, seni swara, boten wonten ingkang kadugi ngopèni; satunggal kalih para ingkang keḍuwitan; déné djedjeripun boten ganḍéng kalijan kabangsan utawi baḍé ngopèni kabudajan, nanging namung pirantos kanggé seneng-seneng jèn nudju lega panggalihipun. Déné para ingkang sami purun njinau inggih bangsanipun para: „buta basa mantja," terkadang „buta huruf", punika ingkang prasasat mbélani dados waḍahing kesenian (de drager). Sajektosipun kita wadjib sami ngaturaken panuwun ḍateng para saḍèrèk ingkang sami ngampil kesenian wau, amargi saupami para saḍèrèk wau boten purun njinau, sampun lebur rumijin-rumijin. Leres sedyanipun pantjèn boten nijat mbélani bangsa sumedya anggonḍèli kabudajan, bakunipun inggih namung kanggé sambèn pados pangupa djiwa, luwung kénging kanggé tjagak tuwak, tijang nalika samanten seni barang-barang punika inggih boten mbedjadji angsal-angsalanipun. Amila sukur déné sapunika Pangéran paring pitulung, para seniman seniwati angsal pangadji-adji, pamedal nglegakaken, minangka ulih-ulihipun nalika tanpa adji kala samanten.
Sarèhné samangké bangsa Indonésia sampun mardika, suku bangsa Djawi ugi katut, punapa kabudajan sarta basa inggih taksih kawuri, tegesipun adjeg dinèkèk wingking, alias boten dipun opèni. Anggènipun kesakit-sakit sampun dangu, sareng kalijan kasangsaraning bangsa; sarèhné sapunika bangsa sampun mardika, punapa pun basa inggih taksih lestantun ketula-tula?
Limrahipun bangsa sampun mardika punika kabudajanipun inggih ndèrèk wibawa, damel kuntjaraning bangsa. Prakawis dipun wangun malih, dipun dandosi, dipun éwahi, punika sampun samesṭinipun, djer dados kabetahanipun bangsa ingkang nganggé, sampun temtu dipun padosi sagedipun sreg.
Sajembara karangan. Djawatan Kebudajaan/Tjabang Bag. Bahasa. Jogjakarta 1953.
Wawasan bab mekaripun basa Djawi salebetipun 30 taun sapriki, grebanipun wiwit ing taun 1920.
Ing ngadjeng sampun kapratélakaken bilih sabibaripun perang Dipanagaran ing taun 1830, ladjeng salebetipun abad kaping 19, wiwit wonten pangetjapan mawi aksara Djawi; ngembrahipun buku-buku tjap-tjapan ingkang sumebar ngakaṭah; timbulipun para linangkung nganggit-anggit, amewahi tjatjahing kapustakan Djawi, tur isinipun salaras kalijan lampahing djaman, dados betahipun ngakatah, kadosta: Serat Kalatida Ranggawarsitan, serat sekar-sekaran saha gérongan Mangkunegaran, Bausastra kawi-djarwa saking Winter, buku piwu-
35