Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

panggesangan. Njatanipun sinten ingkang saged ḍateng basanipun djikan, gesangipun kénging kawastanan sakétja, malah terkaḍang dumugi mukti wibawa turun-tumurun. Kawontenan ingkang makaten wau andadosaken pepénginanipun tijang-tijang sakiwa tengenipun, boten anèh manawi laré-laré pangojakipun basaning madjikan kados balapan, rikat-rikatan, ungkul-ungkulan rebat ondjo, kabekta saking anggènipun sami ngupados panggesangan utawi kalenggahan.

Inggih nalar ingkang makaten punika ingkang kawawa njababaken boten kapénginipun ḍateng basa Djawi, dados boten tetéla ndjarag baḍé ngrèmèhaken, ananging pun basa Djawi ladjeng télé-télé kados nanḍang kanin, namung saking boten kopèn (kapiran). Dangu-dangu saja suḍa déréngipun tijang-tijang sami njinau basa Djawi déning tjara daganganipun boten madolaken. Pepesṭènipun basa Djawi ladjeng boten wonten ingkang ngurus, gesangipun bebasan: namung sagesang-gesangipun pijambak, amargi kaum madjikan pantjèn boten maélu, boten migatosaken, déné putra-putra Djawi sami katut boten maélu, namung ingkang sembada, mladjeng mangilèn ngojak sjaratipun kawibawan; wondéné basanipun Djawi prasasat kapasrahaken dateng bangsanipun ingkang sami „buta wetenschap".

Para putra pladjengipun mangilèn saja tebih, wasana letipun kalijan basanipun Djawi saja ndjenggowah, ngoblah-oblah. Achiripun sareng laré-laré wau sami mantuk, kaken srawunganipun kalijan basanipun pijambak. Sarèhné basa Djawi namung kaampil déning tijang-tijang ingkang buta wetenschap, sarta inggih boten dipun upakara, wudjudipun ladjeng memelas, malah kaṭah ingkang mastani basa Djawi risak, kedah dipun bangun malih, Swara makaten punika sampun dangu, sarta salebetipun 30 taun sapriki kerep wonten ada-ada baḍé ambangun basa, grombolan kasusastran pating djreḍul, mawi nama warni-warni, kadosta: mardi basa, marsudi basa, grombolan kasusastran, Taalraad, lss. Angkahipun sami baḍé ndandosi basa, ananging sarèhné boten wonten ingkang njembadani wragad sarta kawruh tjaranipun marsudi basa, temahanipun kirang kuwawi, ladjeng burtjangak. Wonten tilas-tilas anggenipun sami rerembagan, kadosta dipun èwrat wonten ing organ-organ basa, buku-buku sawatawis, ananging boten saged dipun klempakaken dados satunggal, kénginga kadamel bahan kanggé ngladjengaken ingkang kantun-kantun.

Manahipun para tijang ingkang tresna ḍateng basa Djawi saja karanta-ranta, dasar buta wetenschap, tur mbalung peking boten wonten ingkang tjawé-tjawé, baḍé ndjagèkaken pitulungipun para ahli wetenschap, inggih rekaos anggenipun badé mitulungi, kabekta saking sami rumaos buta basa Djawi". Lah rak kodjur pepestènipun basa Djawi, nemahi. lelampahan ingkang élok. Pun basa pijambak taksih gesang, bangsa ingkang gadah basa inggih taksih gesang, mangka pun bangsa boten nijat njia-njia pun basa, lah kok nemahi lelampahan apes. Déné sabab-sababipun makaten jèn dipun taliti larah-larahipun, djebul unḍeranipun saking anggenipun pun bangsa kedjadjah déning bangsa sanès. Punika bibit kawitipun, ladjeng sadaja ingkang nama kabudajaning bangsa Djawi katut boten mbedjadji, amargi pantjèn boten dipun betahaken déning kaum madjikan.

34