wulon: hi, ni, tji, ri, ki, saladjengipun, ladjeng sukon: hu, nu, tju, ru, ku, saladjengipun: taling, taling-tarung, pepet, tjakra, wignjan, tjetjak, lajar, péngkal, keret. Ladjeng sanḍangan rangkep, wulu lajar, sapiturutipun.
Ing saben adjar, mawi ladjeng kapurih njerat, punapa ingkang kawulangaken wau. Manawi sampun saged sadaja sanḍangan, punika saweg kawulang pedjahan, ingkang rumijin pedjahan legena, ladjeng medjahi sanḍangan, saladjengipun.
Mulang maos mawi sarana réka makaten wau, samangsa sampun saged, inggih saged dalah panjeratipun, nanging ingkang katah boten saged njekar, danguning sagedipun inggih mèh sami kémawon. Nalika semanten tijang èstri satunggal kalih, inggih sampun wonten ingkang saged maos Djawi, nanging boten saged njerat. Déné sagedipun wau inggih namung saking getok tular. Para èstri ingkang kadereng kepéngin maos, ing djaman samanten èngetanipun inggih pantjèn sampun langkung, awit pijambakipun sampun anggaḍahi kepéngin maos serat-serat tjarijos, babad Isp. Déné ingkang sami dipun remeni, limrahipun serat Ménak-laré, Ardjuna Sasrabau, tuwin serat Rama. Manawi tjarijos purwa, namung serat Parta krama, tuwin serat Tjèkèl, nanging purunipun maos seru menawi sampun ngumur. Awit wekdal wau, para sepuh tuwin rajatipun, taksih dèrèng sami rena menawi wonten tijang èstri saged maos, awit kamanah temtu kadunungan watak tjalak, lantjang tuwin kumini.
Murih senenging manahipun para laré, ingkang saweg sinau ngédja, tijang sepuh wonten ingkang andamelaken uran-uran para laré, supados dipun apilaken, inggih punika adjaran angédja, sinawung ing sekar Asmaradana, kados ing ngandap punika :
|
|
Kados makaten piwulangipun maos para sepuh ing djaman samanten.
(Serat gantjaran warni-warni
ing djaman sapunika. Ingkang
ngimpun R.L. Mellema.)
„Basa Djawi ing salebetipun 30 taun”.)
Kula nuwun, ing ngatasipun mawas, ébah-éwahipun basa namung kawatesan salebetipun 30 taun, punika kénging kawastanan satjlérétan,
30